Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Sabtu, 23 Maret 2013

KLENGER NGADEG



Parodi Situasi*****

Assalamu’alaikum………. Klamit… luuurrr…..

Sedulur mBanyumasan ngapak, kabeh neng ngendi paran ora diwiji-wiji...!. pendonga inyong… moga-moga rika padha sing olih rahmat karo hidayah sekang Gusti Alloh sing gawe urip.
Sedulur inyong sing bagus lan ayu dhewek…., kayane nembe sepisan kiye Kang Wirya nemoni rika pada nganggo basa (pengantar) mBanyumasan. Ora ngapa-ngapa embok…? Etung-etung nggo ngleluri nglestarekaken budaya para leluhur sing wis ndhisiti inyong padha.  Sing penting di jajal dhimin, mbok menawane bisa ceples, mergane inyong wis telung puluh tahun lewih ora manggon bareng ngambi wong sing basa pedinane mBanyumasan ngapak. Arane wong urip… ya separan-paran koreh nggolet cucukan wong mbokan kendhile miring.

Jane kepenginane ya ngumpul sedulur, perek-perekan… dadi teles utawa jegos endhong-endhongan lan angger ana apa-apa bisa gagean lung-tinulung.
Guru ngajiku gemiyen angger mulang cokan ngambi glewehan (guyon). Sewijining wektu tau ngomong kaya kiye: ”aja wedi lunga sekang kampung merga nggolet kodhen, wong manuk sing ora duwe kampung, ora duwe umah, ora duwe lumbung pari baen uripe seneng; teles mangan… ketrima bisa umah-umah, duwe anak bojo, asal wetenge wareg padha reang tembangan ngambi kaluarga lan kanca-kancane”.
Lhaa… apamaning menungsa tolih duwe utek, duwe polo, duwe kepinteran lan duwe ketrampilan…, mesthine toli kepengin urip sing lewih mapan lan ana regane utawa berkwalitas !(aja dipadhakena ngambi manuk Kyaine maning !).

Jan-jane sing garep tek omongena maring rika padha kiye dudu babagan manuk utawane kumpulan erte-erwe, ningen urusan kendhil miring…!

Wis Mandan sawetara wektu kiye barang-barang kebutuhan urip lang pisan nag pasar lan regane padha mundhak, larang pisan ora eram… nganti para bakul sing biasane ora tau demo baen padha mogok wegah dodol… mendhing tutup warung melu demo ngambi kanca-kancane.
Seemut inyong, jaman mbekana masalah dol-tinuku sing biasane protes dhisit dhewek kuwe ya sing tuku…, kadhang-kadhang maring bakule mecicil-mendelik ngambi nylathoni…, alesane; ”rega koh larang temen, dodolan kaya maring wong ora kenal baen, rika karo inyong toli wis nglanggan suwe… aja kaya kuwe”, kuwe gemiyen…!

Lhaa… bareng siki, wis ana wolak-waliking jaman, sing tuku malah wis ora teyeng protes, garep ngotot pendelak-pendelika.. bebasan ora nana regane…, wis ora digople….!  teyenge yaa.. mung ngusap dhadha thok.  Apamaning urip neng kota sing apa-apa srawa ana baen... angger garep tuku-tuku tetep kudu nganggo dhuwit, ora teyeng tuku ngambi godhong utawane kreweng (pecahan gendheng)… Teles nganggo godhong gedhang ningen akehe kudu sa trak… (wong didol dhisit).
Inyong lagi mengeng (basa aluse njudeg), kaya ngapa ya sedulurku neng kampung, kahanane sing srawa cupet…, apa ora mung kami thethelen kaya kethek ditulup?, linga-lingo.., garep polah apa…?, bingung endi sing kudu didhisitena? sedheng kebutuhane padha ngambi wong kota, kudu mangan, nyandhang, nyekolahena bocah, modhal dagang cilik-cilikan, utawane biaya tani… jaaan..  mesthine bingung banget gole mbagi toli..? (gari ana sing dibagi).

Wektu semana sing larang regane kawitane bensin.., mbasa regane garep diundhakena sepisan maning nang Pertamina didemo nang masrakat, regane ora sida munggah, dadi awake dhewek mandan ketulung semendhing, teyeng lungan senajan mung nunggang bis umum utawa sepeda montor, lumayan mandan mandan ngirit.
Ngenani larange rega bensin, sing adem-ayem ora patiya keganggu ya mung tukang dokar, tukang grobag sapi, tukang prau gethek, ngambi tukang becak… sebab mlakune ora nganggo bensin. Pancen sih bensine irit, kebutuhane ya sethithik paling-paling ngarah dienggo nglengani rek… Ningen ya kuwe.., sega karo wedang kopine mandan boros luuur…

Plekara BBM, dongane lagi mandan asooh semendhing….., eeh ana maning iwak sapi jleg regane amleng-amleng dhuwur pisan nganti satus ewu sekilo…, eelaadalaah… meled-meled.., bakul sate, bakul gepuk, warung padhang, tukang abon, ngambi bakul daging padha kamitenggengen, theleg-theleg, semelang gumun.., wong rega munggahe koh ora baen-baen nganti satus presen sekang rega maune. Bakul iwak sapi neng pasar mendhing padha  mrei…, mergane angger diterusena gole dodolan salah kedaden nggo paidon utawa protese sing garep tuku iwak sapi…! mulane mendhing turu baen nang ngumah ngambi ngenteni rega stabil.

Mentri Pertanian, Mentri Perdagangan, Importir sapi, nganti Mantri Pasar ibarate diundang kabeh ditakoni...!, diinterogasi...!, kiye keprigen rega iwak sapi nganti bisa kaya kiye?... rega koh dadi munggah nganggo sekarepe dhewek. Jawabane koor bareng-bareng… ”spekulaaaan…".  Eeeeh… menungsa sing rumangsa dadi spekulan, sing tukang ngothak-athik rega daging sapi ya melu ngrameni gawe counter issue liwat koran; jere stock sapi lanang langka, produksi ternak sapi lokal mung semendhing, nganti sapi wadon baen disembelehi..! Dadi kudu ditambahi import maning sekang Ostrali utawa New Zelan….! Eh.. dijawali maning nang Mentri Pertanian lan Mentri Perdagangan; jere miturut dhata, sapi lokal populasine cukup, sapi wadon ora nana sing disembeleh, paling-paling sing wis tua utawa sing wis ora produktip, mulane aweh saran ngarahe kran import ora susah dibukak kambanen, mergane mengko rega sapi lokal bisa ajur mumur..!   Aakuuuur pak Mentri….!
Sabubare rame-rame soal sapi, rega iwak sapi alon-alon mandan temurun maning semendhing.

Untunge inyong ora tau madhang neng restoran, ketemu panganan iwak sapi baen angger ana slametan utawa ditukokena mantu inyong.
Kayane ingon-ingon nang pekarangan mburi ngumah wis cukup dienggo ngunggahaken gizi keluarga. Kepengin nyembeleh ayam kari ndimek, kepengin iwak trewelu kari nyembeleh, garep mancing gari maring kali utawa mblumbang mburi, garep gorengan welut gari ngurek neng sawahe tanggane.  Mung upamane garep slametan utawa pesta sing mandan gedhe paling-paling nyembeleh wedhus, ora kodal nyembeleh sapi… kegedhen iwake, mbok ora entong…….!
Istilah Kyai Gusdur: ”Kaya kuwe baen repot…" hehehe… ujarku rame temen lakon kiye…yaa…?

Ora let suwe ana kahanan stock kedhele langka, regane larang. Dadine dulur-duluranku para pengrajin tahu-tempe sambat, mergane biaya produksi ora ketutup.  Masa iya usaha montang-manting nganti kaya tempaling olih-olihane tekor. Angger diterusena mesthine bisa gagean bangkrut.  Wektu kuwe sing demo malah para bakul nang pasar, pengrajine dipeksa gawe tahu-tempe maning, ora olih mandheg…!
Pengrajin tahu-tempe meneng theleg-theleg kemlengeren.
Konsumen tahu-tempe padha koloh jenthik, ora bisa mangan mendhoan, apamaning tahu Sumedang. Pemrentah kalang kabut nggolet solusi keprigen carane ngatasi persoalan kiye.
Mentri Perdagangan, Mentri Perindustrian, Mentri Pertanian kabeh dikumpulaken maning, perlune ngrembug babagan rega tahu-tempe sing ora sebaene lan barange langka nang pasar. Apa sebabe kedhele langka, pertanian palawija gagal?, impor sering ningen barang nang pasar langka, apa kedhelene ditumpuk (ditimbun)..? sarana transportasi nggo ngangkut kedhele wis ana lan mulus kabeh, ningen ya kuwe distribusi kedele ora wrata…. duh biyuuung….! kedheleee…., kedhele…. minggat ngendi kowe?
Nang sisih liya kae jajal dideleng.., para spekulan kedhele cengar-cengir kebungahen, wetenge nganti padha mlendung buthung, wudele baen bodong nganti mengo…..?
Tempe…., tahuuu…, tempe…., tahuuu.., panganan bergizi go wong sing gableg dhuwit… Lha wong penginyongan mangan saben dinane baen ggo ngganti iwak ngarahe bergizi, diganti ngambi tahu-tempe sing lewih murah. Siki tahu-tempe langka, apa garep diganti maning ngambi tempe bongkrek? Bisa-bisa padha wuru (mendem keracunan), angger dipeksa inyong padha gagean medodong mlebu ngluang.  Gemlethek temen inyong seduluur….

Rega tahu-tempe mandan normal semendhing, ehhh… ana maning kabar paling anyar sekang beyung bocah; jere rega bawang ngambi brambang padha munggah nganti tekan satus ewu maning sekilo. Ibu-ibu, bakul, pemrentah sing dadi regulator sontak koor bareng “kiye kudu cepet-cepet diatasi, apa mangan kudu ngasrep utawane olah-olah mung diceplungi uyah thok? Kebangeten temen spekulan goli gawe kisruh, pinter temen deneng….., ora eling maring Gusti Alloh, apa neng dunya garep urip dhewek?”.

Anane rega barang-baran kebutuhan pokok larang ora terkendali, kabeh rega munggah nganti satus ewu…, nang pasar langka lan distribusine ora wrata, kiye kiye janjane mretandani sing diwehi tugas ngurus ora becus, ketungkul ngurusi masalahe dhewek thok. Sistem ketahanan pangan ora mlaku, masterplan pangan kanggone negara agraris sing kudune mandiri ora digawe ngambi cara komprehensip, utawane kakehan peraturan rumit (regulasi) sing ora perlu, istilahe “kedawan gagang”. 
Cilaka temen inyong padha seduluuur..., apamaning mengko gutug anak putu inyong padha, garep kepriben?

Sawetara pejabat publik akeh sing ora amanah, pegaweyane mung ngumpulena barang mewah, umah mewah, pekarangan utawa kebon sing amba, montor model anyar, bojo enom sing ayu-ayu…, pokoke apa baen sing bisa diusung digawa bali ngumah detumpuk kaya tikus wirog lagi angrem……

Badan legislatif sing kudune dadi panggonan gendhu-gendhu rasa (penyampaian aspirasi) wis ora kena diendelaken, sebabe kupinge wis padha budheg, ketungkul ngurusi kasuse dhewek… dadine wong garep nyaluraken aspirasi sing kudune liwat pejabat eksekutif utawane legislatif salurane wis mampet ketutup, mulane padha kepeksa nganggo dalan pamungkas, demo mbeker-mbeker nganggo TOA nang ngarep kantor dewan, kantor pemrentah, utawane panggonan strategis liyane, ngarahe wong liwat utawane sing simpati padha krungu.

Ngarepi kahanan kaya kiye Kang Wirya dadi “Klenger ngadeg”.

Kanggo bahan pangemut-emut sedulur pada kiye ana kutipan piwulange Pujangga Ronggowarsito, nggambaraken : ”Jamane jaman edan, yen ora melu ngedan ora keduman”, -- ”sak begja-begjane wong kelalen, esih begja wong sing eling lan waspada” (basane di-mBanyumasaken).

Sedululur mBanyumasan ngapak, mageh bareng-bareng nyonto perjuangane para suwargi, luhur sing wektu uripe duwe kelakuan lenceng lan amanah, rila lahir-batin merjuangaken bangsa lan agamane kaya dene: Pak Dirman, Pak Gatot, Pak Susilo Sudarman, Pak Parjo, Pak Pujadi, lan preyayi mBanyumas liya-liyane egin akeh maning ora tek sebutena siji-siji… wong inyong dhewek mandan kelalen…. Pokoke kawit jaman gemiyen tekan siki… sing uripe ora neka-neka ya kuwe didadekena conto.

Sedulur mBanyumas ngapak, mayuh padha ndonga bareng maring Gusti Alloh sing Maha Kuasa; moga-moga inyong ngambi rika sekeluarga padha diparingana waras, slamet, kuat, oranana alangan lan sambekala, teyeng urip ayem tentrem, cukup nyandang-mangan, kumpul anak putu kanthi bahagia, teles mbangun keluarga sing sakinah lan warrohmah. Aamiin. 

Klilaan…. wassalam…
Doc. by Bio