Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Minggu, 24 November 2013

WARGA LINGGAMAS KOMPAK NOLAK INGON BABI

Masrakat Purbalingga sisih kidul ngambi Banyumas sisih wetan khususe nang wewengkon jembatan Linggamas nolak anane ingon babi. Reaksi masrakat intents; paribasane ngglindhing tambah nggedheni kaya bal salju. Penolakan kiye dhasare kesadharan warga merga pencemaran lingkungan akibat limbah kotoran babi ora dikelola mawi cara sing bener. Seprene suwene warga ngrasa diapusi pengusaha babi lan kroni-kronine ngambi cara licik.

Ngisor kiye uneg-unege masrakat Purbalingga-Banyumas sing kasil dikumpulena:

1.    Warga Kalianja lan Sokasada sing manggon nang sakubeng ingon babi duwe tinemu yen permasalahan kiye serius-mbahing-serius alias kronis. Umume warga ngrasa keganggu lan nglokro anane ingon babi nang wewengkon ngkene merga sedina-dinane mambu bacin lecit lagean maning kewatir ana gangguan kesehatan akibat limbah kotoran babi. Warga atine mang-mang, umpamane garep nganggo banyu sing asale sekang wewengkon kandhang apamaning kali Klawing, merga limbah kotoran babi diguang sekarepe dhewek ora nggatekena syarat ngguwang limbah. Tuntutane; ingon babi minggat sekang wilayah ngkene. Nganah garep dilihna ngendi, inyong padha ora nglarang wong usaha, sing penting ora nang ngkene. Inyong kepengin ngibadah kanthi tentrem ora keganggu rasa kewatir; apa banyu sing dienggo srana kebutuhan pedinan nggolet nafkah, adus, utawane wudhu ora kecampuran najis muholadhoh kotoran babi?
Inyong uga wedi muyabe bibit prenyakit (endhog cacing lan parasit liyane) asal sekang limbah kotoran babi sing ora dikelola miturut undang-undang lingkungan hidup lan peraturan sengisore.
Ngenani polusi udara, sekang kadohan baen wis mambu kotoran babi, apamaning wong sing umahe nang sakubenge kandhang mesthine ngrasa kesiksa pisan.

Kapingarepe umpamane jembatan Linggamas wis dadi lan wis kena dienggo, jan-jane masrakat padha kepengin dagang panganan lan inuman.

Kiye preslahe wong ngkono: “Inyong sering gendhu-gendu rasa lan tukar kawruh ngambi kanca bakul sekang liya ndesa, ningen diguyu thok”.
Jere: “apa dodolan pangananmu bakal payu?”
Ya tek sauri: “teles, wong dalane apik tur rame  mesthine toli akeh wong liwat, panganan lan inuman sing garep didol enak-enak, mesthi akeh wong mampir marung!”.
Lha kanca inyong ngguyu ngekrek ngambi ngomong: “aja still yakin dhimin, ngretine wong liya ndesa; ngkene kiye basis babi, dadi garep mampir marung ya ora tegep mangan merga jijih”.
Dadi ora nana wong sing garep tuku kejaba wong sing hurung mudheng utawa babar blas ora ngreti ana babi.

2.    Meh kabeh takmir masjid sekitar wilayah jembatan Linggamas nolak mentah-mentah anane ingon babi sing demunung nang wewengkone lan ora bakal gelem dijek kompromi maning. Gemiyen ngejor ingon babi merga egin cupet pikirane lan cethek elmu agamane, karo maning hurung ngreti mudharate, mulane padha api-ora. Inyong kabeh padha ngajog ketemu mburi anane kedadian kiye, mulane duwe tekad garep ndandani kecrobohan nganggo cara nolak ingon babi sekuat-kuate. Prelune nggo ngedegaken akidah lan garep berjuang nganti tetesing getih pungkasan. Kiye jihad fisabillillah nang dalan Alloh. Pedhomane patang ayat utama Al Quran ngenani babi.

Inyong kabeh taubatan natsuha.

3.    Beda maning para tokoh masrakat, elemen organisasi lan lembaga sosial masrakat nang rong wilayah umume nduweni panemu lewih ekstrim; ngenani anane ingon babi kuwe wujud kebijakan pimpinan daerah lan dinas terkait sing ora sensitif lan sramba-uyah, sebabe wani ngetokena izin pertimbange mung asal nyumponi syarat normatif thok.

Aspek kelestarian lingkungan hidup ngambi permasalahan akidah babar blas ora digople lan ora dadi pertimbangan utama. Kiye fatal, mergane angger surat izin wis kadhung metu mbanjut ijig-ijig dicabut, pemohon izin teles m-PTUN-naken Pemda. Ningen selang kaya kuwe, jan-jane angger syarat izin administrasine nyimpang, umpama; izin warga sekubenge dianani mawi cara nyogok warga nganggo dhuwit, barang, panganan, utawa ora nana penjelasan lan sosialisasi sistem pengelolaan limbah, apamaning operasionale nyimpang, utawa ana pemuter-balikan fakta dhukungan, syarat perizinan ora nyukupi lan gugur. Dadi izin sing wis ditokena posisine “batal demi hukum” lan teles dicabut, mergane bertentangan ngambi perundang-undangan.

Awake dhewek mesthine ora bakal ngejor anane kejahatan lingkungan hidup lan pelanggaran hukum pidhana nyolok mata mentheleng.


4.   Dideleng sekang kelayakan usaha. Lokasi kandang babi digenohaken nang pinggir kali Klawing. Kiye wis mretandhakena sekang awal-bukane pengelola wis duwe niat lan mikir kepriwe carane ngguwang limbah kotoran babi men biayane murah. Carane yaa.. cukup diglontoraken meng kali, urusane beres. Ora ngambi pertimbangan kelestarian lingkung hidup mengkone garep keprigen, pira akehe wong nang Daerah Aliran Sungai sing bakal terkontaminasi limbah lan kenang dhampak.


5.    Fakta lapangan. Anane ingon babi kiye dibeckingi oknum. Dheweke malah ndadekna boss/pengusaha babi mesin dhuit (ATM mlaku) sing nguntungaken tumrap pribadine. Umpamane
ingon babi ditutup utawa direlokasi, otomatis pekolihe ilang. Pegawean dadi becking pancen entheng. Mung prelu otot, plenthas-plenthus kaya kenthus, pinter ngethuprus mbolak-balik fakta lan gawe opini publik; yen ingon babi kuwe egin wajar lan pantes olih kelonggaran, alesane tangga sekubeng kandang melu nampa bagian hadiah natura wujud mie instant utawa hadiah cilik liyane?

Ngenani dhukungan, ana indikasi surat pernyataan warga bermaterai sing dienggo nglengkapi persyaratan izin dimanipulasi seolah-olah warga nyetujoni lan ora tau gawe pernyataan nolak. Rapat oknum ngambi kroni-kronine manggon nang Taman Wisata Baturaden ngiras-ngirus plesiran. Informasi kiye valid, merga ana seksi sing laporan lan wani sumpah pocong mbarangan.

Sewektu-wektu ana kahanan lan situasi ngewatiri tumrap kelangsungan ingon babi, oknum bakal ngadu-wedhus warga nganggo pernyataan-pernyataan kontroversial. Umpamane ana gejala penolakan warga, gagean gawe counterdown.

Akhir-akhir kiye, pengusaha babi nekakaken wong sing awake jidhag, rambute gondrong lan raine sangar ditugasaken njaga peternakan babi.
Cara kiye dienggo meden-medeni lan ngintimidasi warga liwat kekuatan premanisme.!
Duuuhhh nganti tekan semeno..., tega bener ngancem warga ngambi tekanan psikologis.
Kiye jelas-jelas garep ngruntuhaken akidah umat.

Sarehning akeh persoalan akibat anane ingon babi nang wilayah Linggamas, khususnya rong wilayah nduwur mau, warga duwe penjaluk maring lembaga lan dinas terkait gageyan njukut inisiatif ngrampungna permasalahan kiye, ora mawi nganggo ngorbanaken hak-hak warga sing kepengin urip sehat lan ayem tentrem goli ngibadah.

Harapane masrakat Linggamas bareng ngambi dilantike Bapak Wakil Bupati Drs. H. Sukento Rido Marhaendrianto, MM dadi Bupati Purbalingga teles ngakomodir harapan warga nutup peternakan babi nang wilayah Linggamas khususe Purbalingga, supayane cocog ngambi tag line:Purbalingga yang Maju, Mandiri dan Berdaya Saing, menuju Masyarakat Sejahtera yang Berkeadilan dan Berakhlak Mulia.

Aja nganti ana wong masang spandhuk sing tulisane:Selamat Datang Di Purbalingga-Banyumas, Anda Memasuki Kabupaten Ramah Babi..!”.
Nauzubillahiminzalik.

Inyong padha duwe penjaluk maring Gusti Alloh, dibisa ana spandhuk sing tulisane:Selamat Datang Di Purbalingga-Banyumas, Anda Memasuki Kota Madhani...!”.
Aamiin.

Slamet berjuang Bapak Bupati Banyumas lan Bapak Bupati Purbalingga sing anyar...!.


Nganah minggat-minggata sing adoh kowe babi ingon...!

By Kang Wirya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar