Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Minggu, 14 Juli 2013

E-GAMELAN

Demo e-Gamelan
Maca judul nduwur tumrape sing seneng IT apamaning wong awam, mesthine nang ati ana pitakonan, malah kayane penasaran.
Jane keprigen kuwe?
Sing dimangsud e-Gamelan utawa Elektronik Gamelan jane swara instrumen Gamelan sing dikasilaken nganggo srana media elektronik, istilah IT-ne instrumen digital. Dadi wujud virtualisasi utawa digitalisasi nada-nada Gamelan asli (analog) wilahan not saben instrumen sing ditransformasi dadi data digital liwat program komputer.

Rabu, 10 Juli 2013

INGON BABI MAMPANGAT APA MUDHARAT?

Sedulur Ngapak nang ngendi paran, khususe nang wilayah Dulongmas (Kedu-Pekalongan-Banyumas), Barlingmascakeb (Banjarnegara-Purbalingga-Banyumas-Cilacap-Kebumen) utawane Linggamas (Purbalingga-Banyumas), kiye ana plekara sing wigati tumrape bebrayan umat Islam lan kudu bisa dirampungi bareng-bareng mawi cara sing kepenak lan elegan, yakuwe anane ingon (ternak) babi nang tlatah nduwur mau.
Kanggo kawigaten kiye ana referensi sing bisa dienggo pretimbangan.