Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Minggu, 22 September 2013

NGUMBAH PANCI GOSONG NGANGGO CUKA


Ilustrasi; Panci gosong
Kesuwen olah-olah nang pawon, tungku atawane kompor, apamaning angger nganti kelalen marakaken silit panci dadi gosong. Ngilangaken kerak/langes panci nganti bresih tutene rekasa banget. Adate padha diamplas utawane digosok ngambi awu, merang, tai grajihan lan thuthukan bata. Jan-jane ana cara sing lewih ampuh lan mandan mayar.

Sabtu, 21 September 2013

DAMEN DIENGGO NYEREP LIMBAH

Damen dienggo bahan kertas
Krungu aran damen disebut-sebut inyong kemutan paribasan Jawa ‘pari-pari, damen-damen, siki-ya-siki, gemiyen-ya-gemiyen’ nggambaraken wolak-waliking kahanan, malik-grembyang, wis owah adoh, tegese: kahanan siki wis beda banget ngambi gemiyen. Contone sing lagi dadi lambe; wong cilik padha gumes-gumes ngrasani anane pejabat legislatif, eksekutif utawane yudikatif sing omongane ora kena diugemi; dina siki ngomong “A” bareng dituruti jebulane ngesuk ngomonge “B”. Wong penginyongan akeh sing padha koleng, garep nurut sing ngendi?. Mulane wong cilik aja nemen-nemen disalahaken. Kadhangkala temindake cokan sekarep-karep merga tinemune pancen cupet, bingung, ora gableg pengalaman, tur sing dadi conto ya ora konsisten.