Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Senin, 27 Mei 2013

HUMOR (Ngapak, Episode-3)


NDARANI BATIRE DHEWEK

Inyong duwe crita sing marakaken gawe isin. Tahun 1974  inyong sekolah nang SMPN 1 Purbalingga. Sekang desa inyong sing sekolah nang SMPN 1 Purbalingga mung bocah loro. Sekang ndesa tekan sekolahan adohe ± 12 km, inyong ngepit. Sewijining wektu bali sekolah pitku gembes, dadi kudu mandeg dhimin nang bengkel pit, prelune nambal ban. Ngenteni ban ditambal, inyong njagong ngambi ndeleng montor liwat pating sliwer. Pas ana bocah SMP BM liwat, inyong kaget, ko kaya bocah nggonku sing jenenge Bambang.

Minggu, 26 Mei 2013

PASANGAN PAK UBAN GAGAH MENANG PILGUB JATENG

Nganggo Etung Cepet KPU : Ganjar–Heru Olih Suara Dhuwur

Komisi Pemilihan Umum (KPU) Jawa Tengah nganggo etung cepet (quick count) laporane para Ketua KPPS se-Jateng sing dikirim mawi SMS. Data sing wis mlebu, urutan pasangan Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko nang dhuwur dhewek, padha  ngambi kasil lembaga survey liyane.

Kamis, 23 Mei 2013

CARA MBLOKIR NOMOR HP-NE TUKANG APUS


Info*****

Ilustrasi
Kejahatan senajan cilik lan wujud apa baen aja dijor, kejahatan kedadiane ora mung merga ana niat thok, ningen ana kesempatan uga dadi jalaran.
Pesene bang Napi: “waspadalah, waspadalah, waspadalah…!”

Sedulur cokan kesuh nampa SMS nglomboni sing tog-togane ngapus-apus. Contone; jere awake dhewek menang kuis, SMS prentah transfer duit seolah-olah nyasar, mama njaluk pulsane, agen pulsa super murah, lan liya-liyane. Aja dijorna baen, siki ana cara nggo mbantu ngurangi kejahatan kiye. Lapuran baen maring operator jaringane miturut nomer HP-ne.Kaya kiye carane:

Selasa, 21 Mei 2013

BALADA KARMIN NGAMBI SINAH


Sastra, Cerkak mBanyumasan***

Sore kuwe langit mendhung. Esih jam 3-an ningen ketone wis peteng ndhedhet kaya wis garep jam 6 sore. Karmin ngambi Sinah padha jagongan nang mbale. Anake telu Suti, Kardi ngambi Tiwi. Nang mbale, Suti sinau wong wis garep ujian SMP. Adhine, Kardi kelas 4 SD agi glewehan ngambi si bontot Tiwi sing umure mbene 3 taun.
Ora let suwe udan angin gemebret banget ngambi bledheg pating jleger nyander-nyander. Karmin gagean maring mburi niliki kandhang wedhuse, mbok ana seng sing nglingkab, melas mbok wedhuse kudanen.

Senin, 20 Mei 2013

HUMOR (Ngapak, Episode-2)


Dhagelan mBanyumasan***

KELOLODEN LOMBOK GENDHOT

Bibi inyong mbaranggawe nyepiti anake mbarep.
Acara prasmanan tamu dekon mangan sing disandhingaken meja. Merga tamune akeh dadi njukut panganan kudu ngantri tur mped-mpedan.
Pas giliran Eyang Kakung, teka rombongan tamu penggedhe, mulane gugup gagean ngeruk sega lan lawuh lodheh lombok gendhot sing katon seger mengini.
Tengah wektu daharan, sekang kadohan keton Eyang Kakung nangis, banyu luhe dleweran nang pipi ngiwe-nengen, mripate abang mangar-mangar, kringete keton byuk-byukan metu sebotor-botor molahi sekang mbathuk tekan pucuk irung, karo tutuke mangap-mangap kaya iwak grameh kesaten mbanyu. Tangan tengene ngawe-awe inyong ngambi nudhuhaken gulune.

Jumat, 17 Mei 2013

ENTUT MBURUT


Fenomena, Kesehatan***

Wong lagi jengkel, kesuh, medhegel apa keprigen..?, gawe judul tulisan koh ‘Entut Mburut’....!!
Aja mecucu dhimin...! Kiye dudu semblothongan utawane mbejujag.
Wong urip angger egin teyeng ngentut rasane lega embok?
Ngonoh dipikir, upamane weteng kembung muthung-muthung, mules, kringete byuk-byukan, sedina med ora teyeng ngentut, mesthi rasane ora karu-karuan, ora kepenak, mbanjut sembarang gawe ora genah apa sing garep dimek. Angger wis kaya kuwe nembe baen gedabisan nambakena maring dokter, dhukun, utawane tukang urut ngarahe teyeng ‘dhuuut’ thok mbokan?

Selasa, 14 Mei 2013

GURU KEMUTAN GURU


Profil, Pahlawan Tanpa Tanda Jasa***

Tanggal 2 Mei, Hari Pendidikan Nasional. Tanggal 20 Mei, Hari Kebangkitan Nasional.  Nang wulan Mei ana 2 dina sing tumrape bangsa Indonesia kudu diemut-emut.
Wektu kiye inyong kepengin dopokan ngambi sedulur kabeh babagan Guru. Kawit gemiyen jaman Landa, Guru wis dadi kembang lambe ngenani bab pendidikan. Guru didadekena srana utawa cucuk tumbak kemajuaning pendidikan Indonesia.

Jumat, 10 Mei 2013

MEDIA PAMER NGGO SRANA NGLARISAKEN DAGANGAN


Kewirausahaan*

Wong dol-tinuku ana sarat sing wajib dicumponi yakuwe: kudu ana bakule, ana wong sing garep tuku, wujud barang sing didagangaken, ijab-qobul (perjanjen), dhuwit lan kepriwe carane mbayar.
Wajib hukume kanggone bakul sing garep dodolan nidhokena wujude barang sing garep diedol, paling semendhing nidhokaken contone. Kuwe angger sing diedol rupa barang, angger mung tenaga utawa tinemu toli ora katon, mulane kudu disebutaken jasa apa lan carane naker (ngukur) keprigen. Angger wong garep dodolan ora bisa nidhokaken wujude barang utawa jasa sing garep didol arane dholim. Dadi dol-tinuku kuwe kudu blakasuta, ora kena nglomboni mbok mbesuk matine dilebokaken neraka weeell….!

PESTA NGADEG


Sastra, Cerkak mBanyumasan*


Warti nampa uleman sekang batire neng Jakarta. Amplop wernane abang tuwa, kertase kandel pisan. Ambune wangi kaya desogi kembang melati. Tulisane nganggo mangsi kuning emas. Ana gambare calon penganten sing tangane agi padha cekelan karo mesem pandeng-pandengan. Warti goli gumun ora mandheg-mandheg. Gawe undangan koh maen temen, sepira regane, njuran ngesuk arep kondangan pira pantese?
Nampa uleman kaya kuwe batine Warti niyat arep teka maring Jakarta senajan sangune kudu akeh. Dheweke ya kemudu-kudu teka wong wis dewanti-wanti nang Surti, angger dheweke ningkahan Warti kudu teka.

CELENG BOYONG


Fenomena***


Sing garep dicritakaken babagan celeng boyong nang Slatri.
Slatri, kuwe sawijining panggonan sing genohe nang kecamatan Karangkobar mlebu tlatah Kabupaten Banjarnegara sisih lor. Gili aspal sing nyambungaken Kota Banjarnegara liwat Banjarmangu gutul Kecamatan Karangkobar liwat ngeneh kepetung egin duweke pemrentah propinsi. Angger diterusena ngalor maning notog pretelon Bale Desa Wanayasa, mengulon maring Kalibening jog Pekalongan, ngetan ngliwati Kecamatan Batur jog tekan Dieng.

ANISYAH MEILANI JUARA LOMBA PENCAK SILAT TINGKAT KABUPATEN PURBALINGGA 2 TAHUN DHUR


Profil, Prestasi
Anisyah Meilani umure nembe ngancik 11 taun. Anis, kaya kuwe undang-undangane pakulitane ireng manis, meneng tur srengate kalem. Sekolahe nang SD Negeri Sumilir, Kec. Kemangkon, Kab. Purbalingga. Umahe ya cedhek karo sekolahane.
Senajan Anis bocah ndesa ning wis teyeng gawe marem keluarga lan sekolahane.
Bocah siji kiye winginane tanggal 9 April 2012 dadi Dhutane Kabupaten Purbalingga melu maju Lomba Pencak Silat Putri Tingkat SD sa Propinsi Jawa Tengah. Anis mangkat maring Semarang didhampingi Kepala Sekolah, guru-guru lan pelatihe.

PAGUYUBAN PERANTAU PURBALINGGA (PAPELING)


Info, Ngapak.

Purbalingga nduwe PAPELING ? Barang, kewan utawa panganan apa sih kuwe?
Esih urung mudheng? Kebangeten… judhul nduwur toli wis cetha wela-wela..
Lha siki pretakonane nangendi kuwe nggone? Wangsulane; waca terus nganti tutug!
Sapa sing ora ngerti Purbalingga…!, angger ana wong takon nang ngendi genohe ?
Wangsulane :”rika ngerti Owabong ? Sumanto? knalpot? Idep palsu? Jendral Soedirman? kuwe nang ngkono nggone”, pelas yuyu… mbokan!

HUMOR (Ngapak, Episode-1)


Dhagelan mBanyumasan*
 
Sedulur Linggamas,
Ngarahe pikiran ora putek, cangkem ora mecucu baen.
Rai aja ditekuk….!.
Kae nganah gagean padha raup dimin....
Angger egin bunek..?
Men mandan sumeh, waca tulisan kiye ngisor… !
Ewodene angger wis pirang-pirang usaha... ajeg urung owah, kayane rika kelalen mangan obat ndean....
Gagean dipangan... ningen aja sewadhah dientongena kabeh, mbok gelis mari...! (mari urip mangsud inyong).