Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Minggu, 14 Juli 2013

E-GAMELAN

Demo e-Gamelan
Maca judul nduwur tumrape sing seneng IT apamaning wong awam, mesthine nang ati ana pitakonan, malah kayane penasaran.
Jane keprigen kuwe?
Sing dimangsud e-Gamelan utawa Elektronik Gamelan jane swara instrumen Gamelan sing dikasilaken nganggo srana media elektronik, istilah IT-ne instrumen digital. Dadi wujud virtualisasi utawa digitalisasi nada-nada Gamelan asli (analog) wilahan not saben instrumen sing ditransformasi dadi data digital liwat program komputer.

Sejen maning kaya kendang elektronik, electone, syntetizer, piano elektronik, utawa alat-alat musik elektronik liane, duwe standar vibra utawa frekuensi sing padha, sebab wiwit mula pancen nada-nada asal kecipta sekang data elektronik.
Sedheng nada-nada e-Gamelan kecipta sekang Gamelan asli Kraton Kasunanan Surakarta lan Pura Pakualaman Yogyakarta sing kawit sekang asale wis duwe ciri wanci dhewek-dhewek, mulane “ngeng” utawa bobot nada-nada sing dikasilaken padha presis ngambi Gamelan asline. “Ngeng” Gamelan versi Keraton Surakarta lan Yogyakarta kuwe beda, mulane kasil digitalisasine kudune beda, wong vibrane uga beda. Nang ngkene unike. Sampeyan padha egin penasaran?, mayuh tek jeki meleng sewetara artikel ngisor kiye.

Udinus Ngembangna Gamelan Digital

Jaman siki wis arang krungu Gamelan ditabuh. Kayane ora patiya digople lan wis disisihaken. Masrakat, klebu masrakat Jawa Tengah dhewek padha molahi ninggal musik asli warisane para leluhur. Kiye dhampak globalisasi sing nggerus budaya masrakat. Nggo nyegah ilange musik Gamelan, Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Kraton Solo) krejabareng ngambi Universitas Dian Nuswantoro (Udinus) Semarang gawe Gamelan elektronik sing diarani e-Gamelan.

Pengageng Kraton Solo, Kanjeng Pangeran (KP) Edy S. Wirabhumi ngendika yen program kiye nggo ngenalaken seni budaya Gamelan maring masrakat sandunya. Kejaba kuwe, mangrupa usaha men bocah nom-noman lewih ngreti Gamelan, gampang lan teles sinau babagan Gamelan.

“Digitalisasi Gamelan kiye kasil kerjabareng antarane Kraton Solo lan Udinus Semarang. Launching dianakaken bulan Juni 2012, acarane dijokena merga strategi pasar lan owahing teknologi cepet banget,” ngendikane Edy S. nang Bangsal Semorokotho Kraton Solo.

Tujuan kerjabareng gawe e-Gamelan kiye, jan-jane nggo mindhah musik Gamelan dadi wujud digital, dadi wong akeh ora susah repot-repot padha gedhabyagan saumpamane garep nabuh Gamelan. Musik kiye teles ditabuh lan disinaoni masrakat nang ngumah. “Umpamane garep blajar nabuh Gamelan nang ngumah, teles milih instrumen apa sing garep ditabuh miturut senenge ngati” ngendikane.

Edy preslah; “proses rekaman musik Gamelan manggon nang Sasana Handrawina Keraton Solo. Ningen siki nembe nganggo Gamelan Kiai Gora. Kabeh instrumen Gamelan Kiai Gora ngliwati proses rekaman kejaba kendhang. Ana 16 instrumen sing wis direkam lan kapingarepe wong-wong sandunya sing garep sinau nggamel teles ngakses data digital kiye”.

Rektor Udinus Semarang, Dr. Edi Nur Sasongko nyritakaken yen mula bukane kepencut gawe e-Gamelan kiye jan-jane salah sijine wujud prihatine Udinus maring nom-noman utawa generasi muda, nyatane akeh sing ora ngreti babagan Gamelan. Miturut panjenegane, seni karawitan lan Gamelan sing wujud e-Gamelan kiye teles ngrambah sandunya lan teles regenerasi.

“Udinus duwe niat nglestarikaken Gamelan lan kepengin nliti lewih jero babagan Gamelan nganggo cara kerjabareng ngambi Kraton Solo”.
Miturut Rektor, e-Gamelan teles diunggah liwat komputer utawa ipad sing siki sering dienggo nom-noman. Udinus duwe teknologi informasi sing teles digabungaken ngambi budaya Jawa. Program kaya kiye jan-jane wis tau ana, ningen program kiye lewih kumplit ngenani cacahe instrumen lan liya-liyane” preslahe (Okezone).

e-Gamelanku Nglestarikaken Budaya Sing Digerus Jaman

Kewatir ana kedaden ilange budaya Gamelan nang era globalisasi kiye mecut krenteg seklompok pecinta budaya gawe inovasi nggolet keprigen carane nglestarekaken warisan leluhur.

Elektronik Gamelan Kampus Udinus utawa sering disebut eGamelanku mujudaken inovasi sing wis direalisasikaken nggo nylametna Gamelan sekang kepunahan. eGamelanku mujudaken virtualisasi sekang obyek lan rekaman swara sing dijimot sekang Gamelan Kyai Sri Kuncoro Mulyo Lokananta Surakarta. Kiye kasil penelitian tim LPPM Universitas Dian Nuswantoro sing dipandhegani Y. Tyas Catur Pramudi, S.Si., M.Kom nganggo dana Hibah Strategi Nasional DIKTI tahun 2009 lan 2010.

Miturut ketua komunitas angkatan 2011, Ekaprana Wijaya, eGamelanku digawe ora nggo ngganti Gamelan asli. “Tujuan digawene eGamelanku kuwe nggo media pembelajaran, dadi ora ambil-alih posisi Gamelan sing asli,” tambah Eka wektu ditemoni nang kampus.

Nyatane anggota komunitas kiye nom-noman sekang SMA nganti perguruan tinggi. “Sapa baen teles nggabung, komunitas latihan saben dina Rebo nang gedong B lantai 1 Udinus. Akeh siswa SMA utawa mahasiswa sing dolan ngeneh. Prelune silaturahmi utawa kepengin latihan Gamelan. Latihane free alias gratis,” preslahe Eka.

Pagelaran e-Gamelan
eGamelanku nggekeng pisan mujudaken visine. Prelune ngipuk-ipuk rasa seneng lan bangga maring Gamelan, buktine dheweke wis pentas nang CYCU Taiwan, University Kebangsaan Malaysia, Singapura, 8-11 Show Metro tv, malahan padha gerilya nekani sekolah-sekolah SMA nang Jawa Tengah.

Kejaba sosialiasasi langsung meng sekolah-sekolah, tim uga sosialisasi liwat website http://www.eGamelanku.com sing materine cara nyinau e-Gamelan. “Nang website ana sub menu, molaih sekang tata cara nabuh, ngenalaken notasi, tutorial, single user, malahan pengunjung teles nabuh Gamelan orkestra lan milih dhewek antarane 10 pilihan instrumen Gamelan, sing diarani ricikan.” (Portalsemarang.com).

eGamelanku Olih Restu Gusti Mung Sekang Kraton Surakarta

Kasil kajian saweneh Siswa lan Mahasiswa, angger nggatekaken variabel sikap; kognitif, affektif lan psikomotorik, ditemokna dominasi masalah sikap affektif lan psikomotorik. Mulane multimedia pembelajaran kiye ditujokena nggo nuwuhaken lan ningkataken sikap affektif lan psikomotorik mau.

Multimedia eGamelanku kuwe ora duwe mangsud ngganti Gamelan asli, tujuan sebenere nggo ningkataken minat lan psikomotorik sing nganggo men eGamelanku kiye teles dadi batu loncatan nuju maring Gamelan sing sebenere.

Paparan kiye diaturna Tim Pengembang eGamelanku wektu audiensi ngambi Gusti Mung (Dra. GRAy. Koes Moertiyah) pengageng Kraton Surakarta Hadiningrat. Dene gandheng-cenenge ngemu maksud lan tujuan dibangune multimedia eGamelanku. Panjenenganipun nyengkuyung pisan gagasan mau lan ndukung eGamelanku dikembangaken, klebu piwulang sinden lan macapat. Penjaluke seni budaya Jawa tetep diuri-uri lan lestari, nganggo pirang-pirang cara, klebu liwat teknologi informasi.

Kraton Surakarta Aweh Idin Matenaken eGamelanku

Universitas Dian Nuswantoro (Udinus) akhire olih idin matenaken eGamelanku sekang Kraton Surakarta Hadiningrat. Pihak kraton uga ngidinaken Udinus masang kasil karyane nang Apps-Store. Pekasilane dibagi rata antara pihak Udinus ngambi Kraton Surakarta. Idin kiye resmi kecakup sejrone pasal-pasal nota kesepakatan sing wis diteken bareng nang Kraton Surakarta Hadiningrat lan Universitas Dian Nuswantoro, Minggu (1/4), manggon nang Bangsal Smarakata liwat Pengageng Sasono Wilapa, Dra GRAy Koes Murtiyah Wandansari, M.Pd.
Udinus olih gawe eGamelanku sing dasare rekaman swara lan gambar nganggo teknologi informasi. Nggawa aran Gamelan, nganggo logo Kasunanan Surakarta lan ndaftarna dadi Hak Ciptane Udinus.

“eGamelanku bakal gampang nyebar liwat handphone, dadi Gamelan Kraton Surakarta akhire teles ditabuh, dirungokna, lan disinaoni notasine sewektu-wektu nang sapa baen wong salumahing bumi,” preslahe Gusti Mung parabane GRAy Koes Murtiyah Wandansari.

Kraton nganggep maen pisan kesepakatan kiye, mergane ndeleng Udinus duwe niat sing kuat, bareng nguri-nguri budaya Gamelan. Miturut panjenengane akeh gendhing lan baleman anggitane Sinuhun Paku Buwono IV-X sing wis diaku dadi duweke publik. “Ningen nggo keperluan digitalisasi kiye, wektu publik ngundhuh nang internet, baguse kudu ditambah pengerten ngenani eksistensine, awujud pengakon hak tumrap kekayaan intelektual (HAKI),” ature.

Warisan Budaya; Rektor Udinus Edi Noersasongko, ngomongna yen wis dadi kewajiban kampus sing nguasani teknologi informasi preduli maring budayane dhewek. Masyrakat mesthine ora rila yen warisan budaya dipatenaken nang negara sejen. Gamelan, alat musik asli bangsa kiye kudu teles dadi tuan rumah nang negarane dhewek. “Insya Allah nganggo cara kiye bisa olih pengakuan sekang UNESCO dadi heritage of the world kaya dene bathik,“ tinemune.

Kanggone mahasiswa Udinus, tambahe; kerjabareng kiye ora mung dienggo ngetrapaken elmu-elmu komputer sing diduweni, sakure mahasiswa otomatis uga mraktekaken ITPreneurship utawa wirausaha bidang IT (Suara Merdeka).

Gamelan Tlaga Muncar Uga Divirtualisasikaken

Ora akeh wong sing apal irama Gamelan, apamaning sing digawe tahun 1800-an.  Nang sisi liya, kemajuan teknologi marakaken publik gampang ngakses pirang-pirang aliran musik liwat media elektronik kayadene laptop, ipad utawa handphone.

Ironise, kemajuan teknologi wektu nikmati musik hurung akeh ngrambah musik tradisional, salah sijine Gamelan. Gandheng-ceneng kondisi kiye, Universitas Dian Nuswantoro (Udinus) kerjabareng Pura Pakualaman Yogyakarta njimot gambar lan ngrekam swara Gamelan Pusaka Tlaga Muncar. Gamelan kiye digawe tahun 1800-an lan mangrupa salah sijine pusaka.

Rektor Udinus  Edi Noersasongko duwe pengarep-arep mbesuk ngemben Gamelan bisa ditetepna dadi  warisan ndunya, kayadene bathik. ’’Wosing-wos dadi kebanggaane inyong kabeh. Udinus duwe pengangen-angen bisa nggebyagaken elektronik Gamelan nang UNESCO lan ameh wektu kuwe uga UNESCO kesengsem banjut mutusaken Gamelan dadi heritage of the world,’’ preslahe.

Rekaman swara lan gambar nganggo teknologi informasi dianakaken dina Setu-Minggu wingi mawi idin sekang KGPAA Pakualaman IX, olih pituduh lan bimbingan sekang Pengageng Kawedanan Budaya lan Pariwisata, KPH Indrokusumo. Ora mung idin lan pituduh, wengi sedurunge proses rekaman dianakaken do’a wilujengan sing dipimpin langsung panjenengane KPH Indrokusumo.

Gamelan Tlaga Muncar kuwe Gamelan Pusaka Pura Pakualaman Yogyakarta larase pelog dene laras slendrone yakuwe Kiai Pangrawit Sari. Seprene, Gamelan Tlaga Muncar egin dipepetri, dirumat lan sering ditabuh saben malem Setu Pahing. (Krisnaji Satriawan-69, Suara Merdeka).

Software eGamelanku Digratisaken Nggo Masrakat

eGamelanku ana lan dianakaken nggo njawab permasalah nang masrakat sing gandeng-cenenge ngambi endhepe apresiasi seni Gamelan Jawa khususe nang kalangan generasi muda. eGamelanku olih dana Hibah Penelitian sing disediakaken Pemrentah liwat DP2M Dikti tahun 2009-2010. Mulane nggo mujudaken tanggungjawab lan terimakasih, Software kiye diwehna cuma-cuma nggo masrakat sing mbutuhaken.

Pemrentah wis nglebokaken seni Gamelan maring matapelajaran Seni Budaya. Nganti tekan siki siswa olih elmu kognitif ngenani seni Gamelan, ningen ranah affektif lan psikomotorike egin endhep. Salah sijine merga ora nanane prabot Gamelan nang sekolahan lan nang masrakat. Nggo nganani prabot Gamelan mesthine kudu nyediakaken dhuit sing ora semendhing. Gamelan wesi regane paling sethithik 40 juta lan Gamelan Prunggu paling ora 200 juta rupiah. Gamelan dadi barang langka nang negara asale, ningen dudu barang langka nang negara liya (Saben sekolah nang Malaysia wis gableg prabot Gamelan dhewek).

Liwat media kiye Tim eGamelanku siap mbantu nginstall lan nglatih software eGamelanku. Software kiye ora didol, ningen diwehna gratis. Ngemu karep gerakan cinta seni Gamelan Jawa nang kalangan bocah nom-noman bener-bener dadi kasunyatan. Angger teles dadi kasunyatan, jati diri Bangsa Indonesia tambah ningkat nang era global.

Kanggone institusi pendidikan utawa non pendidikan sing kepengin nginstall lan pelatihan software eGamelanku ngajukaken baen permohonan liwat email tyascatur@gmail.com ditujokaken maring Kepala LPPM Universitas Dian Nuswantoro Semarang Jl. Nakula I no. 50 Semarang Jawa Tengah. Isya alloh dilayani ngambi senenging ati.


Re post by Bio