Masrakat
Purbalingga sisih kidul ngambi Banyumas sisih wetan khususe nang wewengkon jembatan
Linggamas nolak anane ingon babi. Reaksi masrakat intents; paribasane ngglindhing tambah
nggedheni kaya bal salju. Penolakan kiye dhasare kesadharan warga merga pencemaran lingkungan akibat limbah kotoran babi ora dikelola mawi cara sing bener.
Seprene suwene warga ngrasa diapusi pengusaha babi lan kroni-kronine ngambi cara
licik.
Tampilkan postingan dengan label Lingkungan Hidup. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Lingkungan Hidup. Tampilkan semua postingan
Minggu, 24 November 2013
Sabtu, 21 September 2013
DAMEN DIENGGO NYEREP LIMBAH
![]() |
| Damen dienggo bahan kertas |
Krungu aran damen disebut-sebut inyong kemutan
paribasan Jawa ‘pari-pari, damen-damen,
siki-ya-siki, gemiyen-ya-gemiyen’ nggambaraken wolak-waliking kahanan, malik-grembyang,
wis owah adoh, tegese: kahanan siki wis beda banget ngambi gemiyen. Contone sing
lagi dadi lambe; wong cilik padha gumes-gumes ngrasani anane pejabat
legislatif, eksekutif utawane yudikatif sing omongane ora kena diugemi; dina siki
ngomong “A” bareng dituruti jebulane ngesuk ngomonge “B”. Wong penginyongan akeh
sing padha koleng, garep nurut sing ngendi?. Mulane wong cilik aja
nemen-nemen disalahaken. Kadhangkala temindake cokan sekarep-karep merga
tinemune pancen cupet, bingung, ora gableg pengalaman, tur sing dadi conto ya
ora konsisten.
Rabu, 10 Juli 2013
INGON BABI MAMPANGAT APA MUDHARAT?
Sedulur Ngapak nang ngendi
paran, khususe nang wilayah Dulongmas (Kedu-Pekalongan-Banyumas), Barlingmascakeb
(Banjarnegara-Purbalingga-Banyumas-Cilacap-Kebumen) utawane Linggamas
(Purbalingga-Banyumas), kiye ana plekara sing wigati tumrape bebrayan umat
Islam lan kudu bisa dirampungi bareng-bareng mawi cara sing kepenak lan elegan,
yakuwe anane ingon (ternak) babi nang tlatah nduwur mau.
Kanggo kawigaten kiye ana referensi
sing bisa dienggo pretimbangan.
Langganan:
Postingan (Atom)



