Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Sabtu, 24 Agustus 2013

GANJAR-HERU DILANTIK DADI GUBERNUR LAN WAKIL GUBERNUR JAWA TENGAH PERIODE 2013-2018

Foto Antara
Ganjar Pranowo lan Heru Sudjatmoko resmi dilantik dadi Gubernur lan Wakil Gubernur Jawa Tengah masa jabatan 2013-2018.
Gubernur lan Wakil Gubernur Jateng dilantik Menteri Dalam Negeri Gamawan Fauzi manggon nang gedong DPRD Provinsi Jateng, Semarang, dina Jemuah, 23-8-2013 disekseni atusan tamu undangan.
Prosesi pelantikan Gubernur-Wakil GubernurJateng sing dadi agenda Rapat Paripurna Istimewa DPRD Jateng kelebu lancar, mung mbutuhaken wektu kurang lewih 25 menit.
Sambutane Mendagri Gamawan Fauzi njaluk slogan "Mboten Korupsi, Mboten Ngapusi" sing dibiwarakaken dong kampanyene Ganjar Pranowo lan Heru Sudjatmoko, bisa diwujudaken nang sejroning penguripan masyarakat.
Proses Pemilukada Jateng sing digelar tanggal 26 Mei 2013 lageanu patut dipuji lan diacungi jempol merga ora nganti ana kekisruhan. Malah ora nana gugatan ngenani menange Ganjar-Heru. "Mulane dadi nglancaraken proses konsolidasi".
Mendagri nambahi, sewetara kiye Provinsi Jateng wis akeh kemajuane. Salah sijine yakuwe Indeks Pembangunan Manusia (IPM) sing wis getug angka 72,77 presen. Senajan kaya kuwe, Gubernur lan wakile duwe gawean lan tantangan gedhe, mergane Jateng egin gableg penduduk mlarat nganti 4,6 juta jiwa, utawa 14,9 presen. "Angka kiye lewih dhuwur ketimbang rata-rata nasional sing mung 11,66 presen," preslahe Mendagri.
Mendagri nyebutaken yen Ganjar klebu sosok sing wis duwe pengalaman nang pemerintahan dalam negeri, utamane sejrone mimpin Komisi II DPR. Sedeng Heru Sudjatmoko duwe pengalaman dadi birokrat sing matang. "Penjalukane pasangan kiye bisa nggawa maring kemajuane Jawa Tengah."
"Dikuati agenda sinergis pembangunan nasional gandheng-cenenge ngambi jabatan gubernur sing nduweni peran ganda dadi kepala daerah otonomi sekaligus wakil pemerintah pusat nang daerah, mulane dadi tugas sampeyan padha ngordinasikaken lan njamin sinergitas kebijakan pembangunan kabupaten/kota se-Jateng," pesene Mendagri.
“Langkah sampeyan sing diwiwiti dina kiye getug limang tahun mengarep, mesthine ora ucul sekang apa baen sing wis diprantasi nang kepemimpinan gubernur periode sedurunge”. "Dadekaken wulan kiye dadi tenger menange sampeyan, menange kabeh rakyat Jateng ora mawi mbeda-mbedakna afiliasi politik lan asal usul golongan," sambunge Mendagri.

Mendagri njaluk Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko temen-temen gole ngentasaken kemiskinan, mbrantas buta aksara sing egin dhuwur, lan mbukak akses sakabeh jenjang pendidikan lan fasilitas kesehatan prelune nggo kemakmuran rakyat Jateng sekabehanane.
"Inyong yakin goli-gokin yen kombinasi gubernur lan wakil gubernur kepilih dadi tokoh sing wis duwe pengalaman tingkat nasional lan daerah. Sinergi kiye dibisaa mampu nggawa Provinsi Jateng lewih maju kapingarepe," kaya kuwe jalukane Mendagri.

Bubar dilantik, Ganjar Pranowo lan Heru Sudjatmoko nandatangani pakta integritas, diterusna nampa ucapan mangayubagya terbatas sekang Mendagri ngambi ibune, anggota Komisi II DPR RI, lan forum koordinasi pimpinan Provinsi Jateng.

Upacara pelantikan Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko mau uga ditekani Menteri Pemuda lan Olah Raga Roy Suryo, tokoh nasional kayadene Puan Maharani, Ketua DPD RI Irman Gusman, Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta Sri Sultan Hamengkubuwono X, Gubernur Kalimantan Tengah Teras Narang, lan Gubernur Kalimantan Barat Cornelis.
(AN, 23/8/2013)

Aksi protes

Pelantikan Gubernur Jateng diombyongi aksi demo sawehehing kelompok masyarakat. Rombongan bocah nom-noman sing teka bareng kaum tani padha nganggo topeng gambar Ganjar Pranowo lan Heru Sudjatmoko nang taman KB Semarang.

Nanang Setyono, salah sijine pendemo nyebutaken yen pesta rakyat sing dianakena klebu inefisiensi anggaran. Pesta pelantikan Gubernur Jateng nang 3 enggon yakuwe; gedhong DPRD, Jalan Pahlawan, lan Sekretariat DPD PDI Perjuangan klebu pemborosan. "Inyong ndeleng, pesta rakyat kiye pestane seklompok wong. Mbanjut endi pesta rakyate?" protese Nanang. Kejaba aweh kritik ngenani pesta rakyat, Nanang uga nidhokaken yen anggaran sing diagan lan dipublikasi mung dienggo separone, angger kaya kiye arane klebu nglomboni publik. "Tagline Ora Ngapusi, Ora Korupsi, justru dikhianati sejrone pelantikan dina kiye," tinemune. (VN, 23/8/2013).

Pesene Ketua DPP PDIP

Puan Maharani, mesen meng wong sakloron aja nganti kelalen maring janji-janjine wektu kampanye. Lageanu lagi dong kampanye, Ganjar-Heru ngusung slogan "Mboten Korupsi, Mboten Ngapusi".

"Molahi tanggal 23 Agustus 2013, Pak Ganjar lan Pak Heru kudu nyambut gawe sing sengkud, jelas, lan nyata, ngowahi janji dadi bukti nggo masyarakat Jawa Tengah," pesene mba Puan sing dadi Ketua Tim Pemenangan Ganjar-Heru nang Jakarta, wektu dina Kemis tanggal 22 Agustus 2013.

Sedawane wektu kampanye, preslahe mba Puan, dheweke  mimpin kegiatan nggo menangaken pasangan Ganjar-Heru miturut prentahe Ketua Umum PDI Perjuangan Megawati Soekarnoputri. Meturut Puan, bu Mega nyurung lan aweh tugas meng kader-kader enom partai men padha wani maju neng Pemilihan Umum Kepala Daerah.

"Inyong pancen nyekel tanggungjawab dadi ‘Panglima’ tempur kampanye PDI Perjuangan nang Pilgub Jawa Tengah mergane inyong yakin rakyat Jawa Tengah egin eman maring Bung Karno lan nang ngkene dadi kandhange Banteng Cocot Putih," preslahe Puan.

Mba Puan uga nerangaken yen Ketua Umum ibu Megawati Soekarnoputri, titip pesen supayane Ganjar-Heru amanah goli ngemban tugas dadi pelayan masyarakat Jawa Tengah.

"Dadi pemimpin sing bisa ngayomi, ngayemi, syukur-syukur bisa ngayani. Bisa sung tulodo, mbangun karso lan tut wuri handayani," Puan nambahi (VN 22/8/2013).

Antusiasme Warga

Akehe tamu undangan sing teka nang pelantikan Gubernur Jateng kuwe pretanda ana dinamika lan ora adoh sekang kepribadene Ganjar Pranowo. Antusiasme pihak sing kepengin ndeleng langsung pelantikan Gubernur Jateng bisa  diarani fenomental.

Pirang-pirang cara dilakoni masyarakat Jawa Tengah ngarahe teles nyekseni pelantikan pasangan Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko dadi Gubernur lan Wakil Gubernur Jawa Tengah nang dina Jemuah tanggal 23 Agustus 2013.

Kabare, salah sijine wong; simpatisan asal mBanyumas nganti mbelani mlaku ngungkluk sekang Banyumas tekan Semarang. Ana klompok kesenian sekang Jepara, lan uga klompok petani sekang Batang sing mung garep nggelar demo thok.

Ana maning salah sijine wong warga Solo, Agus Julianto, numpak pit sekang Solo tekan Semarang mung seprelu nekani proses pelantikan. "Sedurunge pemilihan, inyong gableg nadzar nek Pak Ganjar lan Pak Heru menang inyong garep ngonthel tekan Semarang seprelu nyekseni acara pelantikan," preslahe Agus. Sedurunge mangkat, Agus wis tau rasan rencanane ngonthel meng Ganjar Pranowo. Dheweke ketemu ngambi Ganjar dong nekani acara silaturahmi lan halal bihalal kader PDIP nang Kota Surakarta.

Agus masang poster nang pit (sepeda ontel), lan wektu pelantikan postere dipasang nang ngarep gedong DPRD Jawa Tengah. Poster kuwe tulisane 'Mangayubagyo Atas Pelantikan Ganjar-Heru Sebagai Gubernur Jawa Tengah. Ganjar-Heru Tumpuan Masyarakat Miskin Jawa Tengah'.

Kabare; Sekretariat DPRD Jateng ngelong 50 presen anggaran biaya pelantikan Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko sekang Rp. 1 miliar dadi Rp. 500 juta. Nyuda biaya pelantikan dadi 50 persen sekang anggaran sing wis direncana merga respons penjalukane Ganjar Pranowo sing kepengin dilantik mawi cara sederhana baen (VN 24/8/2013).

Ndaweg, nyambut gawe sing sengkud, cerdas, bernas lan waras Pak Uban Gagah!

Doc. by Bio