Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Minggu, 22 September 2013

NGUMBAH PANCI GOSONG NGANGGO CUKA


Ilustrasi; Panci gosong
Kesuwen olah-olah nang pawon, tungku atawane kompor, apamaning angger nganti kelalen marakaken silit panci dadi gosong. Ngilangaken kerak/langes panci nganti bresih tutene rekasa banget. Adate padha diamplas utawane digosok ngambi awu, merang, tai grajihan lan thuthukan bata. Jan-jane ana cara sing lewih ampuh lan mandan mayar.

Kejaba milih bahan sing garep dienggo mbresihi, kudu dipikiraken efek samping maring kulit, mbebayani apa ora. Salah siji solusi bahan pembersih sing teles dienggo yakuwe campuran banyu cuka lan baking soda. Bahan kimia loro mau angger dicampur dadi larutan pembersih sing kuat lan efektif.

Sampeyan umpamane garep bersih-bersih serupaning bedhama utawa prabot umah teles nganggo solusi kiye. Contone; banyu cuka lan larutan soda diuwur-uwuraken nang ndhuwur wastafel. Uwul-uwul angger wastafel sering dienggo mbresihi prabot dhapur, otomatis letheke pada nempel, dadi marakaken mambu ora enak. Campuran baking soda lan cuka uga kena dienggo mbresihi kotoran macet nang mlester kamar mandi, wertane Boldsky.

Aroma sing ditokna bahan campuran kiye ora nyegrak nang irung, mulane kamar mandhi utawane prabot dhapur sing nembe dikumbah ambune seger. Cara nyimpene gampang, cukup dilebokaken botol plastik, gendul utawane cengkli (botol beling).

Ngarahe optimal, campuran kiye ditambahi sabun cair, dadi aroma cukane ora patiya nyegrak. Kanggo mbresihi wastafel, campuran baking soda lan cuka dioles utawa diseprot nang rai wastafel. Jor suwene 20 menit nembe digosok. Utawa disiram mbanjut dijor sewengi, nembe ngesuke disiram maning ngambi banyu wedang umeb.

Campuran cuka uga dienggo mbresihaken prabot dhapur, contone panci utawa wajan sing silite gosong. Semprot, njut di jor dhimin suwene 10 menit. Kiye ora mung ngilangaken lethek utawa kotoran sing macet thok, ningen teles nyerep ambon-ambon tilas panganan sing wis bosok utawane mambu amis  (OZ,17/09/2013). Wis bar.., mesthi bedhamane padha kinclong-kinclong kabeh.

Ningen inyong wanti-wanti pisan, poma banyu tilas umbah-umbah panci aja de-uyup ya luurrr.... mbokan nglarani weteng.

By Kang Wirya