Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Rabu, 11 Desember 2013

DIHIPNOTIS, MONTOR NGAMBI LAPTOP ILANG DIGAWA KABUR

Ilustrasi: TribunNews
Nembe wingi kiye ana kedaden maning tindakan kriminal nang wilayah Polsek Purbalingga. Sepeda montor ngambi laptop duweke Septi Ari Handayani (16) warga Desa Kedawung, Kecamatan Susukan, Banjarnegara digawa wong ora wawuh sewise dheweke dihipnotis.
Miturut pengakone Septi, sekitar jam 12.00 awan (10/12), dheweke ngambi Tria Lestari lagi jagongan nang Alun-alun Purbalingga. Ana wong lanang umure sekitar 50 tahun nekani terus takon alamate Haji Usman warga Babakan. Ora let suwe teka maning bujangan ngaku arane Mas Putra, mbanjut ajek ngobrol. Mburine egin ana maning ibu-ibu umure sekitar 30 tahun ya melu nggabung ngobrol. 

"Bapak-bapak sing mau teka dhisit njutan ngogan (ngramal), jere inyong lagi diguna-guna nang sedulurku. Sebanjure inyong ngambi Mas Putra nunggang montor prelune nggolet masjid go enggon curhat, sekalian nggolet angkot. Inyong babar blas ora sadhar wektu kuwe, tas isi laptop tek tinggal", preslahe meng pulisi.

Sewise temonan nang masjid sing ora genah lokasine, mbanjut padha bali maning meng alun-alun. Korban diwei watu rong iji nang bapak tua mau. Watu sing siji kon dibuang nang ngarep kantor BPR BKK Purbalingga lan sijine maning digegem, jere teles metu hawa panas.
Korban ngambi kancane nuruti prentah, mbanjut dikon numpak angkot.

"Watu sing siji wis tekguang, sing sijine maning tek gegem. Inyong ngambi Tria mbanjut numpak mikrobus. Bareng gutul ngarep Bank Surya Yudha, koh watu sing tek gegem ora panas-panas. Inyong mbanjut sadhar ninggal tas ngambi motor. Wektu bali maning meng alun-alun, tas ngambi motor wis ora nana. Wong telu mau uga wis ora nana", preslahe.
Nang ngkono Septi ngambi Tria nembe sadhar wis kenang hipnotis.

Akibat hipnotis kiye, korban kelangan sepeda montor Honda Supra Fit nomor polisi R-2733-QD, laptop Asus lan ponsel Nokia nang njero tas. Miturut preslahe korban, ciri-ciri pelaku, bapak-bapak tua umure sekitar 50 tahun, awake gendhut endhep, nganggo tas werna coklat, klambine kotak-kotak. Sing ngaku aran Mas Putra umure sekitar 21 lan egin kuliah, dheweke nganggo montor Honda Beat, awake dhuwur ceking (tinggi kurus). Dene wong wadon sing melu tumbyung, umure kurang lewih 30 tahunan, awake dhuwur ceking, ganggo kudhung ngambi slendhang ijo.

Kepala Polsek Purbalingga, Ajun Komisaris Khomsiyah nerangaken, yen kasus kiye egin dadi penyelidikan pulisi (Sumber: Polsek Purbalingga).

Modhus kejahatan nganggo cara hipnotis wis sering kedaden. Ora nang kota ora nang ndesa, padha baen. Mulane kanggo perhatian sedulur kabeh, sing nastiti, ngati-ati lan waspada. Njaga barang sing tertib lan aja gampang precaya maring wong sing nembe tau ketemu.

Kang Wirya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar