Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Senin, 13 Januari 2014

ELMU REGA RP. 500.000,--

Penulis beserta istri
Wektu jaman semana dinane Minggu kira-kira 3 tahun kepungkur  tanggale kelalen, wayah esuk inyong ngambi Surti olah raga mlaku-mlaku nang lapangan OR. Sikil wis teklok krasa lempogen, kringet gemrobyos, telake garing ngelak banget, inyong mbanjut minggir ngambi clingak-clinguk nggoleti bengkel weteng (maksude jajanan) sing  nang pinggir gili (dalan). Pendeleng inyong temuju maring pinggir lapangan. Ndheret-ndheret bakul sawernaning panganan ana. Tek mat-matna kang kadohan mbaka siji… ana sing payu biasa, ana sing laris banget nganti antri, ana uga sing melasi dagangane sepi langka sing tuku.

Nang njero ngati (mbatin) inyong; kenang apa wong dodolan ana sing payu normal, ana sing laris banget, ana uga sing ora payu?? Apa kiye sing diarani “REJEKI WIS ANA SING NGATUR LAN ORA BAKALAN LIRA-LIRU (KETUKAR) ??”… Keyakinan kiye sing nyurung kekarepan inyong njajal TANTANGAN kaya ngapa rasane nggolet rejeki sekang dodolan Panganan (NON KANTORAN).

Sikil inyong mlangkah temuju maring bakul Siomay sing katone mandan resik, bangku-dingklik tek lorod nggo njagong grook!!

“Siomay rong porsi mas!!”.

Mas sing dodolan Siomay prigel gole nglayani… clemut... iris-iris... clemut... iris-iris... thuurrr... suntek bumbu… clung… panganan wis cemawis siap disantap.

Emplokan sepisan, pindho, ping telune nyong krisikan ngambi bojo : “Sur,,, enak yah?? Kowe teyeng gawe panganan sing enake kaya kiye pora Sur??”

Surti : “Ya teyeng bae angger ngerti resepe !”.

Spontan inyong  ngrasa olih tantangan... njur duwe krenteg nang ati kepengin ngreti carane gawe Siomay, kepengin njajal gawe dhewek.

Inyong : “Kang TS. (initial),, umpamane inyong njaluk diwarahi carane gawe Siomay sing enake kaya kiye sampeyan gelem marahi (ngajari) apa ora??  Terus.. umpamane gelem inyong kon mbayar pira???”.

TS. : “Inyong langka wektune pak, angger esuk inyong kudu becer bahan-bahan nang pasar, nggiling iwak, ngracik, olah-olah, terus dodolan nang kota. Angger dina Setu-Minggu pindah nang kene, balike kadhang awan, kadhang ngosi sore nembeke laut (balik)”.

Inyong : “Angger dagang sedina med sampeyan olih bathi pira??”

TS : “Lah wong anu modhale cilik ya... kadhang 100 ewu, kadhang 200 ewu, angger agi sepi paling olihe 50 ewu,, ya biasa wong dodol ana pasang-surute ora bisa dipesthekna pak!”

Inyong :”Umpamane sampeyan ora dagang sedina merga marahi inyong gari dietung baen, sisan ngambi bahan-bahan sing nggo blajar, sampeyan njaluk dibayar pira??”.

…..*Tukang Siomay mikir-mikir… ketone ragu-ragu.

TS. : “Nuwun sewu laahh pak,,,, soale nyong hurung tau marahi wong dibayar... rasane rikuh prekewuh dagang elmu…  ora kepenak lah pak!!”.

Inyong : “Ora apa-apa lah, etung-etung sampeyan ngamal.., ngibadah ngambi blajar marahi wong... wis sebutna baen pira??”.

TS. : “Ngapura ya pak... kiye umpamane,,, umpamane nyong ngregani upahe Rp. 500.000,-- terus kanggo bahan Rp. 80.000,-- kepriben pak??”.

Inyong : “Deal dadii..!!!  Sampeyan tek bayar Rp. 1.500.000,--... nyah kiye dhuwit 200 ewu nggo tuku bahan-bahane, lewihe nggo mbayar sing tek pangan,,, ngesuk dina Minggu ngarep esuk-esuk... sampeyan teka nang ngumah marahi inyong, nek wis rampung dhuwit bayarane nembe tek wehna. Sampeyan jenenge sapa??? Kiye alamat inyong”.

Seminggu wekasan, Kang TS bener-bener teka nggawa bahan-bahan sing wis dicawisaken sapepeke. Proses pembelajaran gawe Siomay diwiwiti,,,,,  ngambi nyatheti apa sing ditandangi, inyong takon memet (detail) permasalahan persiomayan molai sekang cara gawene, tingkatan kwalitas rasa, werna, aroma, cara nyimpene, tekan thethek bengek resikone angger ora payu dikapakena, tek cathet kabeh. Bayaran 1,5 juta marakna Kang TS. pelayanane tambah full serpis, elmune detokna kabeh, nganti ditidhokna resep beda maning sing lewih enak.

Sigeg critane. Proses pembelajaran kira-kira 4 jam wis rampung bayarane wis tek wehna,,, transaksi lancar, hasile padha-padha mareme pada-pada ikhlase, inyong olih elmu, Kang TS olih hak bayarane miturut kesepakatan.

Sauwise rampung gole cicip-mengicip, lewihane egin akeh dijujug-jujugna meng tangga-teparo kon melu nyicipi Siomay percobaan sekaligus promosi.

Mbengine… wektu turonan nang salu egin diterusaken maning kandhahan ngambi Surti babagan Siomay,,,

“Nek tek pikir-pikir Siomay gaweanmu enak banget loh Sur, Siomay sing rasane enak kaya kiye angger didol inyong yakin mesthi payu lho Sur!!, inyong kepengin eksperimen kaya ngapa rasane nggolet rejeki non kantoran, etung-etung blajar persiapan mental ngadhepi masa pangsiun”.

Surti: “Minggu ngesuk njajal gawe maning apa pak??,,, sekalian diuji kepriwe penilaian wong liya,,, cara adole dititipna tukang sayur sing cokan ider nang kompleks perumahan mburi,,,, eeeh sapa ngerti mbok menawane payu!”.

Inyong : “Nyong sih setaja-setuju baen, ningen apa ora kesel kowe Sur? mengko inyong kapiran”.

Surti : “Kadar nggawene paling sejam dadi ikih pak, wis lahh.. ngesuk inyong agep nekad njajal dadi bakul Siomay, bapake usah reyang baen lah… pokoke jatahe bapak ora tek kurangi….”

Minggu ke-3 bojoku njajal gawe semending, modhal 1 resep nilaine Rp. 90.000,-- dadi 125 blindhi dibuntel plastik sewadhah @5 blindhi diregani @Rp 5.000,-/plastik,  maksude supaya bibine gole adol bisa  @ Rp. 6.000/plastik.

Esuk-esuk Siomay 25 buntel dititipaken nang bibi tukang sayuran, sorene bibi teka laporan egin sisa 3 jare garep digawa bali nggo njajal ngicipi.  “Alhamdulillah dagangane payu bu,, ngesuk nggawe maning lah, mengko nyong sing adol!” kaya kuwe preslahe bibi sayur.

Dina Senen esuke Surti nggawe 1 resep maning, alhamdulillah egin awan hurung nganti sore bibi sayur teka, jarene dagangane wis entong, Surti tambah semangat, ngesuke maning ditambahi dadi 2 resep.

Sigeg critane, dodolane terus nambah 3 resep, 4 resep… Bibi tukang sayur katone uga tambah nggekeng,,,

Sesuwene 5 wulan nyong gawe evaluasi sederhana.

1. Dodol Panganan angger Rasane enak, bresih, rupane narik mesti payu dol-dolane (Kwalitas).

2. Modhal Rp. 360.000,-- bisa mbalik Rp. 500.000 (untunge Rp. 140.000 = 39%) olah-olahe suwene 3 jam.

3. Resiko dodolan Siomay minim banget.

4. Seapes-apese ana sing ora payu bisa dipangan dhewek, angger akeh lewihane dedum-dumaken tanggane/Yayasan Yatim Piatu tolih ora rugi.

Keuntungan;

1. Kegiatan sing bermanfaat nggo awake dhewek lan nggo brayan karo wong liya.

2. Bisa nambah income ekonomi keluarga

3. Pikiran lewih terbuka

4. Nglatih/blajar mental

5. Nambah percaya diri (gedhe atine)

Kelemahane;

1. Uripe kecancang wektu, kepikiran angger ana perlu lelungan/kegiatan ibadah (bisa diatasi nganggo cara wakil/kongkonan wong).

2. Tenaga lan wektu mbatesi ruang-gerak, kesel, bisa ngganggu kegiatan (Bisa diatasi nganggo cara out sousching, nyediakna sarana sing memadai (Kulkas, freezer, sealer, kemasan.)

Sewise praktek eksperimen gawe Siomay tek anggep hasil ora nemoni sandhungan lan kendhala sing berarti.   

Senajan ukur kajian sederhana, nang njero ndhadha wis duwe keyakinan lan percaya dhiri … “Senajan pegawean cilik ningen angger dikelola serius mesthi bisa aweh manfaat sing lewih gedhe”.

(Men ora kedawan manglur-manglur, critane disigeg maning).

Pas agi becer nang pasar ana info Kios ukuran 5m x 7m sing garep dikontrakna njaluke Rp. 20 jt setahun. Tekan ngumah iseng-iseng blajar etung-etungan pipalanda = Ping (x) Para (:) Lan (+) Suda (-)

ABiaya kontrak

Setahun = 360 dina. Berarti sedina biaya kontrak Rp. 56.000,--

B. Kemampuan

Rega pasar sing umum Rp.10.000,-- seporsi, angger seporsi tek jimot untunge Rp. 2.500,-- (33,3%)  berarti modhal Rp. 7.500,--

Minimum penjualan sedina = 56.000/2.500 = 23 porsi nggo mbalekna sewa kios.... Apa mampu???

**#@^&* Uteke mikir maning

Angger dodolane mung sewerna kayane abot, ningen angger dodolane 3 ngrupa kayane lewih entheng, rata-rata 10 porsi.

  • Siomay biasane dipasangaken ngambi Mie Ayam lan Mie Bakso (3 werna) bisa ngatasi masalah.
  • Minuman/juice bisa nggo nambah-nambah pemasukan.
  • Ndeleng papane nang pasar kira-kira target minimum 100 porsi bisa ketutup.
C. Rembugan ngambi Bibi sayur masalah kerjasama nang pasar, pembagiane 40 : 40 : 20 (sewa+peralatan).

D. Sewa Kios nang Pasar sida dilakoni, wektune njaluk mundur sewulan kena nggo blajar nggawe Bakso lan Mie Ayam.

E. Proses blajar gawe Bakso sing enak meh pada ngambi wektu gawe Siomay, bedane ora ditest dodolan nang Bibi Sayur, sebab pelanggan sedesa ngkono wis jenuh ora bisa ditingkatna maning.

Critane kajian-kajian sedherhana wis dipikir mateng, sewa kios wis beres, penataan ruangan wis rampung, dodolan diwiwiti…  dina sepisan mung payu 10 porsi + minuman,,,, dina kepindho payu 15 porsi, dina ketelu 20 porsi, terus  30 porsi,,,, 40 porsi…. 100 porsi.. evaluasi maning... permasalahan stock kudu siap terus-menerus, tenaga kerja,,, tambah alat Freezer + lemari es….  Dodolan ningkat… 170 porsi… 200 porsi… Tekan kene nyong optimis hasil…. 200 porsi sedina ora angel.. mbathin minimal Rp. 2.500 x 200 porsi x 40% = Rp.200.000,-- sedina + sekang inuman ora kurang Rp. 50.000 sedina.

Sing tek rasakna sedawane setengah tahun usaha kaya kiye, inyong ora nunggoni saben dina.. ati lan pikiran inyong wis kebukak,,, dadi seteruse inyong wis bisa ngeculena tanggungjawab maring wong liya, ngontrol cukup sewulan pindo/ping telu, sekabehane wis mlaku miturut rencana,,

Setahun wis keliwat. Kontrak Kios disambung 2 tahun….. 

Bareng nyong ngancik wektune pangsiun, mental inyong wis ora nggragap, ora kewatir, gedhe atine,,, Inyong sukses mbukak Rumah Makan… Alhamdulillah wis mlaku 3 tahun.

Muga-muga tulisan kiye migunani lan bisa motivasi kanca batir.

Dening; Bilung Sarawita, Senen, 13 Januari 2014, jam 15:21

*Penulis artikel nduwur mau sejatine Praktisi kuliner sing duwe “Djipang Resto Bakoel Kuliner” nang Kec. Sidareja, Kab. Cilacap

Tidak ada komentar:

Posting Komentar