“Bapane… mengko cumpet wulan kiye ana preian telung
dina nurut… embok sida nyekar maring pesareane rama-beyunge rika? inyong wis
janji garep ngajek si Agnia karo Mumtaz”.
“Mamake.. ora usah ndhungsak-ndhungsak temen siih, awake
dhewek pensiunan ikih, garep mangkat sewayah-wayah toli bisa, inyong siap koh…
mung angger lungane esuk mruput utawane sandhekala giline macet, mergane bareng
karo wong mBetawi sing preinan padha liwat gili kidul. Mangkat nanggung baen ya
mak… dadi angger wong-wong sing padha lempogen leren ngasoh nang pom bensin,
awake dhewek sluthu liwat mumpung giline lowong embok?”
“Kaya kuwe sih bapane? ya masa bodhoa rika”.
Si bontot Agnia karo putu lanang Mumtaz wis padha kemlipik ora kober leren kaya lunjar kesaten mbanyu bareng krungu sida dijeki bali meng Purbalingga. Klambi, srandhal, gendul plastik isi banyu aqua, klethikan lawuh medang, karo dolanan bocah kabeh deunthukena nang pipir tas sing garep go wadhah.
Si bontot Agnia karo putu lanang Mumtaz wis padha kemlipik ora kober leren kaya lunjar kesaten mbanyu bareng krungu sida dijeki bali meng Purbalingga. Klambi, srandhal, gendul plastik isi banyu aqua, klethikan lawuh medang, karo dolanan bocah kabeh deunthukena nang pipir tas sing garep go wadhah.
“Kiye pepek temen apa-apa garep degawa, aja kakehan mbokan
montore ora medheng, saprelu baen.. ningen kampil aja kosi kelalen wong kowe
padha blubuh… mangkat urung adoh kang ngumah baen cokane wis padha turu
nglether”.
Mamake karo bocahan padha gupruk dandan. Inyong ngangeti
montor nyambi ngunggahaken gawan nang begasi mburi. Bareng wis mlebu kabeh mbanjut
njagong nang salu ngambi medang susu clebek weton pabrik, nylekamin pisan deleh.
Karo nunggu wektu, mantu inyong tek undang “Gye.. bapane
garep ngetan karo mamake, Agnia karo Mumtaz takjeki, kowe nang ngumah ya sing
ngati-ati aja nganti kelinglap mergane lagi mangsan gentho, angger garep
lunga-lunga lawange di kancingi dhimin. Lha si Marwa aja digawa meng njaba… ora
ilok wong umure hurung patang puluh dina mbokan kenang sawan klebu”.
“Enggih pa… sing ngatos-atos wonten mergi.. sampun
ngebut, kula nggih nitip lare niku wong cokan pating penthalit”.
Bareng jam sepuluh mbengi bocahan ora kanti nunggu mangkat
wis padha angob-angob, akhire keturon nang salu. Inyong dhewek dhengat-dhengut arip pisan.,
dadine mendhing ngliyep dhimin nggo ngakasaken awak.
Lagi enak-enake ngimpi ijig-ijig krriiiiiiing… jam wekere
moni rosa pisan, inyong kedhagar-dhagar niliki jebule wis setengah loro mbengi.
Mulane bocahan gagean dibopongi maring montor.
Inyong raup dhimin. Nggo ngurak
arip nyetel kaset gending Banyumasan Bendrong Kulone Karawitan Linggamas sing
dikendhangi kaki mBono.
Sedawane mlaku pikiranku ngeyab mengendi ora, apa
maning kemutan rama-biyungku sing eman banget tur geten wis ndisiti ngadhep ngersane
Gusti Allah. Banyu luhku ndlewer ora krasa, pengrasaku goli bekti maring wong
tua dhurung tutug.
Inyong kiye kelebu yatim-piyatu… mergane wis ora duwe
bapa lan biyung… Bareng suwe-suwe inyong ngekrek gemuyu dhewek kaya wong
kenthir… lha inyong uwis kaplak, gole ngodhe baen wis pensiun…. toli ora klebu
bocah yatim-piyatu sing kudu disantuni wong teyeng nggolet pangan dhewek..,
genti generasi..!
Ngambi mikir, mengko bubar nyekar sekang Congot
(Purbalingga pontong kidul) garep terus meng endi? seklebatan kemutan foto
praupane Kang Atmo.
Ya, ya.. Kang Atmo, inyong garep mampir meng nggone
Kang Atmo.
Bali kang pesarean Congot, inyong sebrayat meng Purbalingga
maning ngubengi alun-alun nggolet isi weteng dhisit… ngambi ndeleng kahanan
kota sing katone bersih tur asri. Jan-jane nang ndesa ya mbetahi, apamaning
siki akeh owah-owahan pembangunan sing lewih maju tur asri.
“Mamake… inyong emutena, sedurunge mlesirena bocah-bocah
meng Aquarium Purbayasa… mampir dhimin maring umahe Kang Atmo!”
“Kang Atmo sapa? kanca
rika apa? umahe nang sisih ngendi kuwe, keliwatan apa ora? aja suwe-suwe…, kiye
bocahan mesthi ora gelem desemayani apamaning detinggal, putune agin turu
mbokan kaget.., inyong ora melu mudhun ya bapane” mamake ndrendhel ngomong ora
pedhot-pedhot kaya manuk ocehan nemu kroto semut ngangrang. Inyong mbanjut muter
dhisit nggolet nggon parkir sing mandan aub.. pas nang ngarep warunge tukang dodol
es jus totogan gang umahe Kang Atmo, ngambi nyemauri mamake:
“Kang Atmo kuwe ya Tri Atmo pengarang buku ‘Dablongan’
sing gambare ana nang internet, lageanu tau tek tidoki embok? umahe nang wetan
SMP Negeri II Purbalingga parek mesjid madhep ngalor, kae prenahe nganah…”, jenthiku
tekcungna mbari nidhokaken genohe.
“Ya parek angger kaya kuwe, rika wani dhewek embok?”
“Ya wani, nang kene toli langka macan, begal, utawane
kelong!, kuwe angger bocahan tangi dikon ngejus.., pethane kumplit; ana
alpokat, jeruk, tomat, jambu klutuk karo melon…”
“Bu nyuwun sewu nderek parkir teng ngriki nggih..sing aub.!
niki koh hawane bringsang temen.., niku lare-lare mengkin dijusi” Inyong njaluk
idin karo sing duwe warung ngambi mesena jus go putu lanang sing agin turu.
Inyong mbanjutan mlaku nuju umane Kang Atmo.
Sekang kadohan katon ana preyayi telu lagi nang
tritikan umah. Sing loro kayane tamu, mergane katon ormat banget, klambine
necis tur tunggangane ubluk anyar, kayong lagi pamitan karo sing duwe umah. Lha
preyayi sing sijine nganggo sarung salseh banget (santai) lan praupane padha
karo foto nang internet, kae mesthi kang Atmo, inyong mbatin.
“Assalamu’alaikum”.
“Wa’alaikumsalam” jawabane sing duwe umah.
“Ngenalaken Kang, inyong Wirya Pembina Paguyuban
Linggamas Bandung, bubar nyekar kang Congot kebeneran kepengin mampir ngeneh,
perlune silaturahmi ndawakena pesedu-luran, apamaning inyong sapara kanca duwe
pengajab nguri-uri budayane dhewek mBanyumasan, kepengin nggabung karo
sedulur-sedulur sing duwe komitmen njaga budaya lokal”.
“Alhamdulillah hirobil’alamin, mangga mlebet mriki,
sami saras embok? selajengipun badhe kados pundi? Kang Atmo nyauri nganggo basa
mBanyumasan mplepes alus.
“Kang Atmo… ora usah basa mlepes ngambi inyong dadi
rikuh..!, toli kepenak ngomong mBanyumasan ngapak” “Kae mau tamu sapa Kang?”.
“Kae wartawan sekang koran mBanyumas, lha sing sijine
kang koran weton Yogyakarta, prelune nggolet bahan rilis berita ngenani budaya
mBanyumas”. Jawabane kang Atmo ngambi mbagekaken inyong kon njagong salu.
“Angger kaya kuwe prinsipe padha ngambi inyong, kepriwe
carane nguri-uri budaya mBanyumas aja kosi tumpes kelor, mergane wonge dhewek karo
nom-noman siki wis pada ora patiya open. Jere angger nganggo basa mBanyumasan
isin laahh… ora level…, kaya kuwe Kang Atmo. Ajamaning nom-noman… wong pejabat
Negara sing kudune ngayomi utawane nyurung ngarahe budaya lokal lewih maju baen
malah melu komentar miring. Contone jere
Ebeg kuwe kesenian ora mutu sing paling ala sa-ndunya..! ya mesthi baen
peguyuban Ebeg sa-Jawa Tengah padha mendem.. demo sedina med, ora trima yen Ebeg
dielek-elekaken dianggep kesenian paling ora mutu sendunya”.
Inyong mbanjut nyritakaken bab kahanan Peguyuban
wong-wong mBanyumasan sekang wewengkon Purbalingga, Purakerta, Banjarnegara,
Cilacap, Kebumen, Wanasaba, Tegal lan Brebes sing ana neng kana-kana.
“Yaa.. syukur.. dikoordinir baen Kang Wirya.. nganggo
carane dhewek-dhewek sing paling pas, garep kumpulan kesenian, kuliner khas,
arisan, pendidikan, dol-tinuku (perdagangan), lan tulis-menulis kaya inyong,
disurung kabeh baen men maju”.
Inyong semaur: “Insyaalloh, jane wis suwe kepengin
ngejokena budaya mBanyumasan, inyong dhewek seneng klenengan, nang kana duwe
Paguyuban Gendhing Jawa anggotane wong ngkene-an”. ”Inyong gemiyen toli sekolah
nang Purakerta tanggan karo Pak Singa (Sumarno WHD Penyiar mBanyumasan RRI Purwokerto)
umahe nang pinggir kali Kranji karo inyong mung keletan ril sepur thok, mulane
saben sore cokan rubungan bareng” “Pak Singa kae salah sijine penyiar sing
getol nyiaraken budaya mBanyumasan lan ngenalaken seni Kenthongan, klebu
kancaku se-bangku sekolah ya ana sing dadi muazin nang mesjid agung Baitussalam
alun-alun Purakerta ngrangkep dadi penyiar nang RRI, arane Al Machsun”.
“Dadi kaya kuwe..? Pak Singa kae guru inyong Kang
Wirya, enem tahun inyong merguru maring Pak singa khusus perkara siaran
mBanyumasan…!” Kang Atmo tambah semangat. “Bareng wis mandan kendel (wani/trampil)
inyong dadi penyiar mBanyumasan nang RSPD Purbalingga. Kae Piala wektu inyong dadi
Penyiar Vaforit mBanyumasan”. Kang Atmo tangane acung-acung nudhuhaken Piala
nang klithik (lemari).
“Lha kiye
Piagam apamaning Kang Atmo..? tutene koh di pigurani primpen temen.?”
“Kuwe penghargaan sekang
Bupati Purbalingga medahe inyong nulis babagan sejarah lan kahanan Purbalingga”
Kang Atmo semaur.
Inyong nggleweh: “Kayane ana tempelan dhuwit mandan
kandel ndean wong sing aweh Bupati!”.
Kang Atmo mung nyengir thok.
Lagi asyik ngethuprus karo Kang Atmo Hape inyong moni,
bareng tek deleng jebul kang mamake bocah.
“Iya sedhela maning, inyong tek pamitan dhisit”.
Inyong mbanjut pamitan:”Kang Atmo, jane sih agin
kepengin kandhahan babagan budaya mBanyumasan, ningen bocahan wis ora kanti
nunggu, dadine inyong pamit dhisit kapan-kapan garep ngeneh maning, olih embok?”
Ora let suwe bojone Kang Atmo metu nggawa wedang
clebek rong cangkir, go agan inyong karo Kang Atmo, ningen tek tolak alus:”Matur
kesuwun mbekayu, ora usah repot-repot wong inyong ora ngopi koh… tensine sok dadi
dhuwur” nggayune tek lomboni.
“Inyong sekeluarga ya kesuwun dilongok, angger bali
ndesa mampir ya Kang Wirya, salam enggo bojone rika karo bocah-bocah nang
montor” Kang Atmo mbajut nylonongi buku “Dablongan” loro cacahe karo tabloide
wong Purbalingga “Kabare Bralink”. Inyong njaluk foto bareng dhisit, sawise
njutan salaman pamit.
Pancen Kang Atmo kuwe klebu wong sederhana tur langka,
tindakane tetep komitmen nguri-uri budaya mBanyumasan. Tau manggon nang kota Jakarta,
Bandung, Yogyakarta lan liya-liyane. Pengalamane akeh; dadi redaktur majalah,
penyiar radio, penulis, lan penggiat seni budaya.
Prelu diacungi jempol loro, mulane ya pantes olih
penghargaan sekang pemrentah.
Doc. by Bio
Doc. by Bio
Tidak ada komentar:
Posting Komentar