Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Minggu, 02 Juni 2013

JENGKOL MBLEGIDHIGI

Jengkol
Archidendron-Jiringa
Kang Karta gableg klangenan beda ngambi wong liya, dheweke ngeyip banget maring panganan sing aranane semur jengkol, mula dulurane lan tangga teparone nganti aweh paraban Pak Ogah padha ngambi crita film Unyil. Bali mlayu-mlayu esuk, Pak Ogah kringete gemrobyos dleweran, raine abang mangar-mangar, ambekane megap-megap. Urung nganti njagong, cangkeme katon pecucuan ngambi mbanting gulungan koran meng ndhuwur salu. “Ora memper…, ora genah…, doooboll… gemblung apa kenthiirr… rega jengkol dipadhakena ngambi iwak pitik, kiye keprigen…. inyong garep madhang lawuh apa? kebangeten temen… kebangeten temen…”.

Pak ogah ngromed, mbanjut mbukak maning gulungane koran sing nembe dibanting. “Apa bangsane inyong ora olih urip mukti…? nikmat ndunya baen mawi dielongi tut semendhing…, lageanu awake dhewek wis ora jegos tuku iwak sapi merga regane nganti satus ewu, desusul maning rega lombok abang ngambi brambang ya tekan sewidak ewu sekilo. Mbanjut rega tahu ngambi tempe ya munggah ora sebaene. Inyong maca Koran, dong semana Kang Wirya mendem tempe bongkrek, nganti klenger ngadeg merga rega-rega bahan lawuhan wis ora ketuku. Lha siki giliran klangenan inyong dijabel, rega jengkol getug sewidak ewu sekilo mbari barange ora nana nang pasar, sapa sing ora gemlethek.

“Ana apa bapane, pethane pecucuan dhewek, kuwe toli wis tek gawekena wedang clebek nang salu” Mistem bojone mapag Pak Ogah mbari atine semelang gumun. Ana wong nembe bali olah raga dadi muring-muring, jebrad-jebred dhewekan sih pasale kenang ngapa?.
“Nikmate alam ndunya wis oranana maning tem…!. Wong kaya inyong gari ngenteni modare thok, ora duwe pengarep-arep. Kadaran jengkol sing udu kebutuhan pokok utawane ora akeh sing doyan baen, siki regane lewih larang ketimbang iwak pitik tur barange langka” Pak Ogah semaur ngambi ngelap kringet nang salu.
“Yaa sing sabar Pak…, mengko inyong tek maring pereng mburi ngarah yuyu ngambi sisan met klandhingan..! Dina kiye rika garep tek masakena pelas yuyu rasa klandhingan…! Pokoke rika madhang karo lawuh kiye paribasan mertua liwat neng ngarepe baen ora kober takon saking nikmate..!” Mistem ngedhem-dhemi.
“Kaya kuwe sih…, ya mage gagean de gawe..” Pak Ogah ora sranta krungu janjine Mistem. Atine siki wis mandan asoh lan duwe pengarep-arep maning, dheweke sadhar. Mistem bojone kuwe pancen pinter ada-ada gawe menu panganan sing aneh-aneh tur rasane mesthi nylekamin.
Seneng temen yah dadi Pak Ogah, duwe bojo Mistem sing wonge inovativ. 

Jengkol…, Apa Jane? 

Jengkol utawa Jering (aran ilmiahe Archidendron Pauciflorum) nang wilayah Indonesia kewentare aran Jengkol (Jawa, Betawi), Kicaang, Jengkol (Sunda), Blandingan (Bali), Jering, Jiring (Melayu), Jaring (Banjar), Jaawi (Lampung), utawa Lubi (Sulawesi).
Tanduran kiye basa Inggrise Dogfruit utawa Ngapi Nut. Basa latin (aran ilmiah) Archidendron Pauciflorum, sinonime Archidendron Jiringa, Pithecellobium Jiringa, lan Pithecellobium Lobatum.
Klasifikasi ilmiahe; Kerajaan: Plantae; Filum: Magnoliophyta; Kelas: Magnoliopsida; Ordo: Fabales; Famili: Fabaceae; Upafamili: Mimosoideae; Genus: Archidendron; Spesies: Archidendron Jiringa.
Dhuwure wit Jengkol (Jering) bisa nganti 10-26 meter. Wohe rupa polong gepeng lan mlungker. Werna woh Jengkol lembayung tua. Sewise tua, wujud polong who lan nggon wijine mblendhung meteng. Saben polong isi 5-7 wiji Jengkol. Wijine ana kulit arine tipis werna coklat melong.

Mangpaat Lan Mbilaeni-ne Jengkol

Jengkol jebul sugih kandungan gizi. Miturut salah sijine penelitian, sekang 100 gram wiji Jengkol ngandung 133 kkal energi, 23,3 gram protein, 20,7 gram karbohidrat, 240 Sl vitamin A, 0,7 mg vitamin B, 80 mg vitamin C, 166,67 mg fosfor, 140 mg kalsium, 4,7 mg zat wesi, 49,5 gram banyu. Anane rupa-rupa kandungan gizi sing diduweni, percaya yen Jengkol utawa Jering (Archidendron Jiringa) teles nyegah gangguan diabetes, nurunaken kadar gula darah lan njaga kesehatan Jantung. Tanduran Jengkol mampu nyerep banyu lemah akeh banget, mulane mangpaat nggo konservasi banyu lan njaga blabur nang sewijining enggon. Wiji jengkol mangpaate werna-werna. Di lalab mentah, diolah dadi semur Jengkol, nganti nggo gawe kripik utawa emping Jengkol.
Senajan kaya kuwe Jengkol uga nduweni efek negatif sing mbebayani tumrape menungsa. Sepisan, Jengkol ngandung asam jengkolat (jengkolic acid) sing kadare dhuwur banget, mulane kakehan mangan Jengkol marakaken numpuk kristal nang saluran urine, sing diarani ‘jengkolen’. Gejalane mules, lara weteng ngambi mutah-mutah, nguyuhe perih, banyu uyuh (urine) ana getihe, crat-cret lan ana titik-titik putih kaya glepung, kadhang-kadhang malah ora teles nguyuh babar blas.
Ping pindhone, ya mesthine mambu embok. Wiji Jengkol sebenere ora patiya mambu pisan. Mung sewise dipangan, ndadekaken efek mambu nang nafas utawane banyu uyuh.
Senajan marakaken mambu lan ana anceman asam jengkolat, nyatane akeh wong seneng nganti edan Jengkol kaya Pak Ogah contone. Wiji Jengkol utawa Jering pancen dadi salah sijine menu favorit sebagian masyarakat Indonesia, Malaysia, Thailand, lan Filipina.


Jengkol Nuwuhaken Selera Mangan

Pecandu sering ngrasa abot angger kudu ninggal klangenan Jengkol. Senajan lagi diet, ninggal Jengkol marakaken uripe kesiksa, aluwung ora mangan liya-liyane ketimbang ora nganggo Jengkol.
Ana pengalaman nyata sing mreguyokena. Kanca inyong nang kantor kenang prenyakit kelainan darah. Awak sing maune bobot 60 kg anjlog nganti kurang sekang 40 kg. Obat sing dipangan werna-werna, sedina 5-6 tablet karo kapsul kudu diuntal. Apamaning dokter wis monis umure gari setahun. Dasar imane kuat, tawadhu lan humoris, dheweke ora urus vonis dokter sing marakaken saben wong sing krungu dadi mrinding lan gawe cilik ngati.
Wis amper wolung wulan inyong ora ketemu ngambi dheweke, mergane kabeh-kabeh padha sibuk pegawean. Mbareng ketemu inyong kaget semelang gumun. Ingatase wis kenang vonis uripe paling-paling gari pirang wulan maning, koh bareng ketemu malah dadi ayu, awake bahenol kaya lonthong, pipine mandan tembem, lan latahane tambah dawa.  Keprigen goli njaga kondisi awak nganti teles pulih, malah kayong lewih sehat ketimbang wektu prawane gemiyen.
Inyong ora tahan kebingungen dhewek, mbanjut takon:”Ade…., mretamba ngendi? dokter ngendi…? alhandulillah kowe bisa waras bedhigas kaya dong prawan gemiyen!?”.
Diwangsule ngambi cengar-cengir:”Jengkol!”. Inyong kebingungen urung mudheng, mangsa iya temen jengkol sing mambune por tur kadhang-kadhang marakaken jengkolen bisa dadi tamba?.
Weruh inyong ora mudheng, dheweke mbanjut ngomong maning:”Sewise inyong divonis umure gari setahun, saben mbengi nangis ngguguk-ngguguk, inyong pasrah ngambi Gusti Alloh. Inyong sholat istikharah. Sing wusanane duwe keyakinan jero yeng mati-urip kuwe duweke Gusti Alloh. Mulane inyong njut ora nana pantang mangan. Wong kiye tahun pungkasan, inyong mangan sesenenge, ora nana sing tek ilari. Inyong sering botram (Sunda=kepungan mangan rame-rame) sa-keluarga lan kanca-kanca sekantor. Jengkol ora tau keri, kadhang dicoel ngambi sambel, digawe semur utawane digoreng. Molahi kuwe, awak inyong rasane lewih kepenak, bobot timbangane nambah, rasa lemes ilang, terus kepenginane mangan baen. Penyakite suwe-suwe ilang karepe dhewek, inyong priksa laboratorium ngambi kontrol dokter langganan, jere inyong mari, waras maning. Siki ngkono weruh embok, inyong wis ora mretamba maning, teles nerusaken kuliah, munggah kaji, lan pasien inyong nang ngumah mili-mintir padha ngantri. Kuncine mung siji ‘selera mangan” inyong siki robah total, sing penting ora keri semur Jengkol..!”.
Seseseh… simpel temen deneng, Jengkol teles nggo nuwuhaken selera mangan.

Kuliner Jengkol Ngrambah Manca Negara

Masyarakat Indonesia sing manggon nang Zurich, Swiss, tau gawe acara Pasar Senggol. Acara sing dianakaken saben tahun kiye tujuane nggo ngenalaken kuliner Indonesia maring masyarakat Swiss. Pirang-pirang panganan khas Indonesia dipameraken. Pasar senggol kiye uga dadi wadah kumpule warga Indonesia sing kangen kampung. Siaran pers KBRI Swiss sing diumumaken Sekretaris Bidang Pensosbud, Mohammad Budiman Wiriakusumah (TN, 09/07/2012).
Warung Konsuler kuwe wujud pelayanan nggo masyarakat Indonesia nang Swiss. Umume masyarakat sing sibuk saben dinane ora kudu repot-repot meng Bern ngurus paspore, cukup teka nang acara kiye bareng keluargane ngambi kangen-kangenan swasana pasar Indonesia.
Ana crita lucu awan kuwe, Yanthi Sidler bakul rames sekang Jawa Barat nerangaken bab Balado Jengkol sing didol, mergane sing garep tuku wong  Swiss "ngotot" kepengin nyicipi rasane Jengkol. Karepe Yanthi wong kuwe aja nganti tuku lan nyicipi Balado Jengkol, wedi mbokan mambu. Ningen wong kuwe tetep meksa, mulane Yanthi ngrilakaken. Mbareng 2 jam sewise mangan, wong Swiss mau cengar-cengir ngambi ngomong: “Iya, kenang apa sampeyan menging inyong aja nganti mangan jengkol, nembe ngreti akibate mbareng metu sekang kakus” (DN, 09/07/2012).

Tata Niaga Jengkol

Sayur-mayur kaya Jengkol nang Garut Jawa Barat regane mundhak dhuwur banget, sekilo nganti Rp. 32.000,--, dibandingaken ngambi iwak ayam sing mung Rp. 26.000,-- sekilo. Malahan miturut brita televisi nang pasar Bekasi rega Jengkol wis tembus Rp. 50.000,-- sekilo.
Salah sijine bakul sayuran nang Pasar Ciawitali, Guntur, Garut, Ayi ngomongena yen wulan kiye rega Jengkol mundhak terus, biasane mung Rp. 5.000,-- sekilo. "Wis larang, barange angel digolet". Bakul sayur sing biasa nyandhing Jengkol siki ora teles ngladheni langganane. "Warung panganan wis padha pesen pirang-pirang dina, ningen nganti wektu siki inyong ora bisa nganani”. Ayi ora mudheng kenang apa Jengkol bisa ilang nang pasar, ngretine ya Jengkol sekang Sumatra utawa Jawa Tengah mung semending. "Dikirime semendhing, inyong ora tau kumanan", Ayi nyambung. Dede (45) bakul iwak ayam melu nyela, jere wis sewulan kiye Jengkol nang Pasar Ciawitali langka. "Ya, tangga inyong akeh sing pesen Jengkol, angel digolet, regane larang, malah lewih larang ketimbang iwak ayam", sambunge (TN, 30/05/2013).
Plekara kiye jane sapa sing salah?
Nek bakul mesthi nganut hukum dagang, barang langka rega mundhak, barang akeh rega mudhun, kejaba ana rekayasa spekulan.
Marakaken ora mudheng nganti kedrawasen, mangkaning Jengkol kuwe dudu barang niaga strategis sing saben wong mbutuhaken lan kudu olih.

Jengkol Dadi Katalis Pekolihe Pajeg

Planggan warteg utawa warung cilik liyane kudu siap-siap ngetokaken dhuwit lewih akeh angger mangan nang warung. Sebab pajeg 10 persen garep dijukut sekang warung sing duwe omzet minimal Rp. 60 juta setahun. "Pajeg kiye ora ngenal sebutan, garep warteg, warung makan padang, lan liya-liyane, angger omzet dodolan panganan lan inuman lewih sekang Rp. 60 juta, bakal nempel kewajiban dadi Wajib Pajeg," preslahe Kadis Pelayanan Pajak Pemprov DKI, Iwan Setiawandi.
“Pajeg kan nggo mbiayani pembangunan. Angger biasa mangan nang warteg Rp. 6.000,-- siki kudu mbayar tambahan 10 persen pajeg, dadine bayar Rp 6.600,--. Inyong ya cokan mangan sega goreng nang warung, seneng Semur Jengkol nang warteg. Mengko angger mangan nang warteg inyong ya kudu mbayar tambahan pajeg” (DN, 02/12/2010)

Jengkol..., Jengkol... Mbegidhigi temen deneng.

Doc. By Bio