Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Senin, 27 Mei 2013

HUMOR (Ngapak, Episode-3)


NDARANI BATIRE DHEWEK

Inyong duwe crita sing marakaken gawe isin. Tahun 1974  inyong sekolah nang SMPN 1 Purbalingga. Sekang desa inyong sing sekolah nang SMPN 1 Purbalingga mung bocah loro. Sekang ndesa tekan sekolahan adohe ± 12 km, inyong ngepit. Sewijining wektu bali sekolah pitku gembes, dadi kudu mandeg dhimin nang bengkel pit, prelune nambal ban. Ngenteni ban ditambal, inyong njagong ngambi ndeleng montor liwat pating sliwer. Pas ana bocah SMP BM liwat, inyong kaget, ko kaya bocah nggonku sing jenenge Bambang.



Inyong menyat mbanjut bocahe tek undang “mBaang…, mBang…., enteni, pit inyong agi ditambal”. Bocahe nylingak ningen terus baen. Inyong ngundang maning, tetep ora gelem mandheg. Inyong mbatin:’Bocah koh kemlithak temen ora setia kawan, ngreti ana batire ngundang-undang koh ora gelem ngenteni’.

Sawise ban pit rampung ditambal, inyong menyat terus bali. Tekan Kandhang Gampang, sekang mburi krungu ana bocah undang-undang. “Mbak!... mbak…!, wau napa njenengan undang-undang kula?” Inyong meneng baen ngambi nggrundel; ‘Lha, si Bambang ngledek apa yah? reka-reka basa mbarang maring inyong…!’. Pedhal pit tak genjot mbanteri.

Bocah kuwe ngoyok inyong ngambi njejeri terus takon: “Wonten napa mbak…, wau undang-undang kula?” Inyong nylingak ngambi garep tek omehi, eeh.. jebul dheweke udu Bambang, mbuh bocah ngendi ora wawuh. Inyong klincutan kewirangan, raiku abang mangar-mangar saking isine. Pit inyong tek genjot kebat banget, ngebut ora lingak-linguk. Bocah mau ndlongop kebingungen ndelengna polah inyong. Nganti getug seprene angger kemutan kedadian kuwe inyong mesthi gemuyu dhewek.
Doc. by Kus.Sty.


PADHA BUDHEGE

Kedadeyan kiye wis suwe banget kira-kira taun 1981-an. Ningen angger kemutan inyong gemuyu dhewek. Critane sore-sore bubar maghrib inyong ngambi adhi lan ibuku padha jagongan nang mbale. RRI Purwakerta agi nyiarna mimbar agama Kristen. senajan inyong muslim ya sok ngrungokna mimbar agama liya nggo nambah wawasan. Inyong mlebu sedhela garep nginum. Sawise nginum mbukak klithik (lemari makan) ana krupuk plastikan gari siji, tek jukut terus degawa maring mbale. Weruh ana wong mangan clamite adhi inyong kumat. Dheweke takon; “mbak agi ndhahar apa ..?” [wis dadi kebiasaan nang keluarga inyong bocah sing lewih enom nganggo basa ngoko alus maring sing lewih tua]. Inyong krungune ; ‘mbak agi mimbar apa..’ inyong semaur  “mimbar agama Kristen..” Adhi inyong krungune; ‘mangan krupuk..’, njut takon: “egin apa ora?”. Inyong semaur : “Ya egin” ngambi mbatin, ‘mbok krungu dhewek nang radhio’. Adhi inyong takon maning : “Nang endi?”. Inyong semaur : “Nang GKI”. Adhi inyong krungune ‘Nang klithik’. Adhi inyong mlebu mbukak klithik glithas-glithus ora nemu krupuk, terus marani : “Ora nana koh mbak”. “Apane…?” inyong takon.
Adhi inyong semaur “Krupuke…! jere egin neng lemari”. Inyong kaget, terus gemuyu kel-kelan. Ohh allah.. ujar inyong kowe takon nang radio agi mimbar apa.. jebule takon ndhahar apa. Angger krupuk tah wis entong, kae mimbar agama Kristen nang radhio lha egin…
Jajal angger kaya kiye sapa sing lewih budheg…?
Doc. by Bubar


KRITING GRATIS

Jan-jane inyong garep crita pengalaman sing mirangena banget. Tek critakna khusus nggo pembaca. Seuwise maca tulisan kiye mbok padha garep gemuyu dhewek ya kena, ningen siki dimatna dhimin.
Tamat SLTA, tenimbang nganggur inyong kerja pabrik neng kota Tangerang. Sewijining dina wulan Juli inyong dolan nggone mbekayu sing neng Jakarta, dhaerah Lebak Bulus. Pas inyong nunggang metromini sekang terminal Pulo Gadhung maring Lebak Bulus, neng dalan ngambi ndeleng pemandhangan njaba. Neng gili sing diliwati, inyong weruh tulisan “Kriting Gratis” nang etalase salah sijine salon. Inyong urung tau kriting. Ana tulisan kaya kuwe mbatin; ‘Kebeneran inyong kepengin kriting koh ana iklan kriting gratis. Mengko baline inyong tek mampir’.
Jam 5 sore, bali sekang nggone mbekayune inyong numpak metromini mudhun ngarep salon kuwe. Sing duwe salon grapyak pisan. Inyong kon njagong nang kursi ngambi dheweke nata bedhamane. Inyong labuh degarap, dhisit-dhisite decukuri rambute. Ngambi decukur inyong dewei gambar kon milih garep dekriting model apa. Inyong milih, sing duwe salon ngomong: “kalo model ini biayanya Rp.5.000”. Inyong kaget sangkete, nang ngarep tulisane gratis koh kon mbayar.. Inyong mbaleni takon, semaure sing duwe salon ajeg. Njur tek wanek-wanekna takon…;”mbak itu di depan ada tulisan ‘kriting gratis‘ kok kenapa harus bayar..?” Sing duwe salon semaur: “..ooh, itu…, kalo mau kriting gratis datangnya pagi-pagi, sampe jam 12 siang, karena yang ngriting itu yang baru kursus, kalo sekarang mbak harus mbayar penuh..”
Inyong ngrogoh tas.. tek tiliki dhuwitku mung gari 3000 perak, mbanjut ngomong maring sing duwe salon:“mbak tapi uangku cuma 3000 lagi, ini juga untuk ongkos pulang”. Sing duwe salon ngomong ngambi mbesengut..: “kalo tidak 5000 ya tidak boleh…”.
Wuaadhuh…, inyong wirang gedhe banget… tog-togane inyong ngomong ora sida kriting, ben rambute wis de cukuri nganah-ngeneh. Sing duwe salon manut, tenimbang tuna ngriting ora debayar. Ngambi lunga celilian inyong mbatin: ‘Lha ngimpi apa inyong, deneng kewirangan kaya kiye.. untung sing decukuri urung patiya akeh, lha angger uwis apa inyong ora bali nganggo rambut bundhis…’
Doc. by Bubar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar