Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Sabtu, 31 Agustus 2013

ATUSAN BAJINGAN NGEPUNG CANDI PRAMBANAN

Foto by Terapos
Lewih sekang 200-an kusir grobag sapi sing katelahe Bajingan, nganggo klambi rupa-rupa ditambah embel-embele padha ngubengi wewengkon Candi Prambanan ngambi grobag sapi sing dihias. Dheweke padha nggunakaken alat transportasi tradisional kuwe seperlu mahargya ulang tahun Kamardikan kaping-68 RI.
Bajingan kumplit ngambi grobage teka bareng komunitas utawa rombongan sekang Kabupaten Klaten, Boyolali, Purworejo, Piyungan Bantul, Pakem, Prambanan lan liya-liyane.
Acara dipandhegani Paguyuban Grobag Sapi "Langgeng Sehati", Setu (31/8/2013) molahi esuk tekan ngawan. Sedurunge pawai, para bajingan ngambi grobag sapine kumpul nang Lapangan Kridabuwana, Prambanan Klaten. Sekang ngkono konvoi nuju wewengkon Candi Sewu lan Candi Prambanan sing dohe kurang-lewih 5 km.

Iring-iringan Pawai Grobag Sapi. Doc.LD
Rombongan diculna langsung nang Ketua Majelis Permusyawaratan Rakyat Republik Indonesia (MPRRI) Sidarto Danusubroto. Dene dheweke ya melu numpak salah sijine grobag sing wis disedhiakaken Panitia.

Tumrape Sidarto, numpak grobag kuwe ngemutaken jaman cilikane wektu egin manggon ngambi wong tuane nang Yogyakarta.
"Grobag sapi kuwe salah sijine alat transportasi tradisonal awake dhewek sing ana nang sebagean daerah klebu wewengkon Yogyakarta, Klaten, Solo lan sekubenge", preslahe Sidarto sebubare ngeculaken rombongan pawai.

Miturut dheweke; grobag sapi lagi jaman revolusi fisik 1948-1949 utawa sewise kamardikan, jasane gedhe pisan tumrape tentara wektu berjuang. Grobag sapi duweke rakyat dienggo nylundupaken bedhil lan bahan pangan nggo gerilyawan.
"Duwene rakyat grobag sapi. Kuwe dienggo mbantu tentara, perang nglawan Landa. Kiye alat transportasi tradisional sing kudu dilestarikaken," penjaluke.

Sewetara kuwe Ketua Panitia Warjono alias Bocor ngomongaken yen acara kiye sekaligus dienggo ngemut-emut perjuangan lan pengetan HUT kamardikan kaping-68 RI. Sebab wewengkon Prambanan, Ngemplak Sleman nganti getug Manisrenggo Klaten dadi basis pejuang utawa gerilyawan republik wektu agresi tentara Landa II tahun 1948.
"Grobag-grobag sapi kiye digunakaken tentara RI nggo nyamar mlebu Yogyakarta”, preslahe.

Miturut dheweke; nang wewengkon sekitar Prambanan ana 70-an sing gableg grobag sapi wis nggabung maring Paguyuban Langgeng Sehati. Wewengkon kayadene Sleman, Kulonprogo, Purworejo, Bantul, Klaten, Sukoharjo, Boyolali wis molahi ngedegaken paguyuban.

"Siki awake dhewek padha, egin terus nyambung tali silaturahmi antar paguyuban. Grobag sapi terus dilakokaken, mung siki ora nggo ngangkut barang utawa kasil pertanian nang sawah/tegalan, ningen dienggo nglatih ngarahe sapi tetep jidhag (keker)", tinemune (DN, 31/8/2013).

Warjono ngomong; sejrone pawai ana sing nganggo klambi wayang wong lan reog, kiye wujud preduline para Bajingan melu nguri-uri seni tradisional sing adiluhung. "Jaman gemiyen nglawan penjajah, siki awake dhewek padha uga nglawan penjajah liya rupa, yakuwe koruptor. Inyong padha para 'Bajingan' antikorupsi".

Seliyane nggo ngramekaken HUT kaping-68 Kemerdekaan RI, kegiatan kiye uga kepengin nidhokaken yen kendaraan tradisional kiye ramah lingkungan lan tetep eksis malah cacahe tambah akeh. "Nggo bandingan, wektu digelar 'Festival Grobag Sapi' nang Stadion Maguwoharjo pertengahan Juni lageanu, kehe peserta mung 170, siki nang acara 'Grobag Sapi Merdeka 2013' peserta grobag sapi sing kedaptar nganti 210 lewih " (ANT, 28/8/2013-TP, 29/8/2013).

Gunggung kepruk ana 215 grobag sapi sekang pitung kabupaten sing melu partisipasi nang kegiatan kiye. Peserta paling adoh asale sekang Kabupaten Purworejo”, preslahe Warjono (LD, 31/8/2013).

Ora mung siki thok pawai grobag sapi digelar nang wewengkon Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Nang momen-momen penting liyane, acara mau uga digelar. Contone; dong semana nang acara HUT kaping-97 Kabupaten Sleman. Atusan bajingan sekang wewengkon DIY lan Jawa Tengah melu pawai Festival Merapi. Konvoi grobag sapi digelar sekang Lapangan Mlati nuju Kantor Bupati Sleman, Minggu (5/5/2013). Sing nylenggarakaken Badan Promosi Pariwisata Sleman (BPPS), dene sing melu 100 grobag sapi. Kuwe dadi siji ngambi kemasan promosi pariwisata sing nganggo basis pertanian (DTO, 28/8/2013).

Doc. by Bio