Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Kamis, 16 Januari 2014

BOY RAFLI AMAR LAN JOHAN BUDI SP

Boy Rafli Amar, Johan Budi SP.
Sejroning sejarah, Indonesia duwe juru bicara bidang pemrentahan sing ngedab-edabi, ya kuwe Brigjen Pol Boy Rafli Amar sekang kepulisian lan Johan Budi SP sekang KPK. Preyayi-preyayi kiye rikala ngendikan neng ngarep publik tansah nganggo tembung lan ukara sing mburu cukup. Tembung lan ukara sig keucap lugas lan teges, ora nambahi lan nyuda tembung/ukara. Tembung/ukara sing  wigati dadi ora ngemu teges duplikasi. Preyayi-preyayi kiye pinter milih diksi utawa milih tembung sing pas nggo nyusun ukarane. Gole ngucapaken ukara ngaggo pelafalan cetha lan nganggo “penjedaan” sing pas.

Polatan/praupan (mimik) pasuryane ngger agi ngendikan neng ngarep publik ajeg. Ngger agi ngendikan  bab sing sedih, polatan/praupan pasuryane ora melu sedhih. Semana uga ngger agi ngendikan bab sing mbungahaken, polatan/praupan pasuryane uga ora melu bungah. Ngger agi ngendikan bab institusine sing agi ngalami kapitunan merga dekuya-kuya, panjenengane ora keli/kendhang kambi pangendikane, ora banjuran polatan/praupan pasuryane katon rengu uga gething kambi sing nguya-uya. Mula kuwe, tugas kehumasan sing diemban dening preyayi loro kiye nggo institusine pas lan wajar merga objektif ora subjektif.

Ngertiya, preyayi loro kiye udu sarjana komunikasi massa uga udu sarjana sastra. Pendidikan Brigjen Boy Rafli Amar cetha pendidikan kepulisian.   Johan Budi SP, kuliahe ora mambu-mambu bab kehumasan, malah ora nana gandheng cenenge blas. Panjenengane sarjana teknik kimia lulusan UI Jakarta sing gelare insinyur. Singkatan SP neng mburi jeneng Johan Budi jebule uga udu singkatan gelar, jebule anu singkatan Sapto Prabowo.

Miturut inyong, preyayi loro kiye uga ahli negoisasi. Negoisasi kuwe nyang-nyangan bab rega, lan kesepakatan supaya rong pihak olih tuna lan bathi padha. Ngger kesepakatan utawa rega sebenere sing agi desimpen bisa kewaca sekang polatan/praupan neng pasuryane, pihak lawan negoisasi dadi mangkring utawa pasang rega.

Tuladha ngger agi nyang-nyangan rega, polatan/praupan ora kena nudhuhaken rasa kaget jalaran regane murah banget. Ngger nudhuaken rasa kaget merga regane murah banget mengko banjur bakule ngundhakna rega. Mula kuwe, bakul sing nembe nyang-nyangan rega kambi wong sing sipate kaya preyayi loro kiye bingung netepaken rega tawane (rega bukakane).

Neng insitusine, perwira tinggi asli Padang Sumatra Barat lairan Jakarta kiye kelebu perwira Akpol angkatan 1984 sing paling gelis olih pangkat bintang. Jebule, pintere Boy Rafli Anwar tugas neng laladan kehumasan sing mbutuhna kepinteran ngendikan kuwe ora ujug-ujug. Perwira tinggi kepulisian kiye jebul putune penyair/sastrawan  Aman Datuk Modjoindo sing kawentar nganggit crita Si Doel Anak Betawi. Ora nggumuna, senajan kawit lulus Akpol ngagem pangkat Ipda urung tau ngayahi tugas neng bidang kehumasan, soten kocap kedhapuk dadi Kabid Humas Polda Metro Jakarta katon luwes lan kewes pisan. Taun 1999 rikala simbul pangkat neng pundhake egin gambar kembang mlati siji (komisaris pulisi), Boy Rafli Amar tau ngayahi tugas dadi pasukan misi perdamaian neng Bosnia sing tugase akeh numindakaken negosisasi nggo nengahi konflik Ras.

Seurunge Johan Budi SP kedhapuk dadi  Juru Bicara Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) tau kedhapuk dadi Direktur Pendidikan lan Pelayanan Masyarakat KPK. Panjengane wis telung periode dadi juru bicara KPK. 

Mancik wulan Juli 2011 wis tau  mundur sekang  jabatan juru bicara KPK rikala  kasus wisma atlet disidik supaya lewih  fokus nglakoni  proses seleksi calon pimpinan KPK. Soten pimpinan KPK periode Abraham Samad egin karep Johan Budi SP tetep ngayahi tugase.

Preyayi loro kiye cocog banget neng laladan tugase merga kagungan sipat ati-ati, tliti lan ora kagungan sipat kemrungsungan lan brangasan (nuwun sewune). Apik banget ngger  preyayi-preyayi kiye kersa nyebar ilmu lan pengalaman lumantar nganggit buku lan mulang ilmu kehumasan/komunikasi massa senajan udu akademisi ilmu kehumasan lan komunikasi massa.

Anggitane Hari Widiyanto , Guyon Banyumasan, 15 Januari 2014 tabuh 10:41

Tidak ada komentar:

Posting Komentar