Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Selasa, 14 Januari 2014

NGAPUS-APUS KERTU KREDIT UTAWA ATM

Sedulur warga mBanyumasan, nyong nembe baen ketekan batir ngodheku sing siki wis padha-padha pangsiun. Dheweke crita pirang-pirang jere mentas kapusan babagan transaksi kertu ATM. Bareng tek pikir-pikir, apike crita kiye gelem ora gelem kudu tek bagi-bagi maring kanca batir warga mBanyumasan.

Critane kaya kiye. Batir inyong detelpon wong sing ngakune petugas sekang bank “X”, ngabarna yen kancaku olih hadiah Voucher blanja kontan gedhene 500 ewu. Petugas mau janji garep njujugna Voucher meng umah, mulane terus njaluk alamat umah. Bareng wong sing ngaku petugas mau teka ngumah, ngetokna Voucher blanja (asli) sekang Super Market “Z”. Sewise voucher (asli) dewehna kanca inyong, wong mau mbanjut ngetokna Card Reader ngambi takon apa kanca inyong duwe Kertu Kredit utawa Kertu ATM, alesane nggo mbuktekena nek Kertu mau asli, carane sing duwe kertu kon nggosok kertune (Kertu Kredit, ATM/Kertu Debit, karo mencet pin. Bar kuwe mesin delebokna maning meng tase. Wong sing ngaku petugas bank wektu kuwe babar blas ora mencet apa-apa lan Voucher blanja mau pancen asli dadi bisa denggo blanja temenan cocog ngambi nilai sing disebutena nang Voucher blanja. 

Sawijining dina pas kancaku butuh dhuit garep njukut nang ATM, nyatane dhuwite ora cukup, bareng dechek jebul saldone wis entong-grontong ledis wis dekuras kabeh.

Dadi warga mBanyumasan kabeh sing duwe Kertu Kredit, ATM/Kertu Dhebit sing padha waspada, aja gampang percaya maring wong sing tembe tau ketemu, ora wawuh utawa angger ana sing ngabari olih hadiah. Modhus penipuan kiye sering kedaden liwat telpun, facebook utawa media sosial liyane. Kadhang-kadhang ya nganggo hipnotis mbarang.

WASPADALAH....WASPADALAH !!!

Kirimane Guplo Panuroto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar