Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Minggu, 26 Mei 2013

PASANGAN PAK UBAN GAGAH MENANG PILGUB JATENG

Nganggo Etung Cepet KPU : Ganjar–Heru Olih Suara Dhuwur

Komisi Pemilihan Umum (KPU) Jawa Tengah nganggo etung cepet (quick count) laporane para Ketua KPPS se-Jateng sing dikirim mawi SMS. Data sing wis mlebu, urutan pasangan Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko nang dhuwur dhewek, padha  ngambi kasil lembaga survey liyane.
Ketua KPU Jateng, Fajar Subhi AKA njelasaken yen kasil suara sementara, pasangan Hadi Prabowo-Don Murdono olih suara 21,16%, pasangan Bibit Waluyo-Sudijono Sastroatmodjo 30,59%, mbanjut Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko 48,25%.
Nganggo dhasar lapuran nyata Ketua KPPS liwat SMS maring nomer khusus sing disediakena, wis 40 ewu TPS sekang gunggung kepruk 61.951 TPS wis padha lapuran.

Senajan kaya kuwe tetep urung teles makili etungan manual KPU nganti tekan tanggal 4 Juni ngemben. Kasil suara kayane egin owah, mengko deleng baen tanggal 4 Juni 2013, kaya ngapa jajal.
Molaih ngesuk, langsung garep dietung manual sekang tingkat ndesa, kecamatan, kabupaten/kota, pog-pogane pleno neng tingkat provinsi.

Ngisor kiye kasil etungan sawetara Lembaga Survei:
Quick count Lingkaran Survei Indonesia-TVOne (data 98%)
1. Hadi Prabowo-Don Murdono: 20,56%
2. Bibit Waluyo-Sudijono Sastroatmodjo: 30,11%
3. Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko: 49,33%
Quick count Indobarometer-MetroTV (data 97%)
1. Hadi Prabowo-Don Murdono: 21,34%
2. Bibit Waluyo-Sudijono Sastroatmodjo: 31,77%
3. Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko: 46,88%

Pesen Wong Tuane Ganjar Pranowo: “Ibu Ora Kepengin Kowe Korupsi”

Calon Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo sing olih ranking dhuwur dhewek lewih sekang 40% sejrone quick count-ne KPU, olih ular-ular sekang wong tuane.
Nang kantor DPD PDIP Jateng diarepi simpatisan, Ganjar preslah yen bapane S. Parmudji tau kelalen maring dheweke merga umure wis sepuh. Ningen mbareng wis kemutan inyong, njut dijujugena meng TPS Kutoarjo men melu nyoblos. Maklum wis 84 tahun. Bapane pensiunan pulisi, wis tau aweh ular-ular “bapane ngrisiki ngambi mrebesmili”, “kiye merah putih go republikku”, preslahe Ganjar nang kantor DPD PDIP Jateng, Jl Brigjend Sudiarto, Semarang, Minggu wingi (26/5/2013).
Sawise kasil quick count metu, preslahe Ganjar, beyunge yakuwe Sri Suparni uga aweh ular-ular meng dheweke; ora olih korupsi angger mengko kepilih dadi Gubernur. “Pesene biyung inyong, jabatan ora kena nggo rebutan, biyung ora kepengin anake dadi koruptor”, sambunge.
Dheweke uga nlepun Ketua Umum PDIP Megawati Soekarnoputri.
Bu Mega ya pesen; nyambut gawe kudu amanah, sing bener (DN, 26/05/2013 23:48 WIB).

Pemilih Nom-noman Dadi Kunci Unggule Swara

Pasangan Ganjar Pranowo-Heru Sudjatmoko unggul nang Pilgub Jawa Tengah ngambi dhasar etung cepet sekang pirang-pirang lembaga survei. Kayane pemilih nom-noman dadi kunci sukses Ganjar unggul nang Pilgub Jateng.

“Kiye egin sewetara. Ningen mengko angger bener Ganjar sing menang, inyong ngira pemilih bocah nom-noman sing dadi faktor penentu” kaya kuwe preslahe Direktur Center of Election and Political Party (CEPP) Universitas Indonesia (UI), Reni Suwarso wektu ngobrol ngambi wartawan Minggu (26/5/2013).
Omonge dheweke, struktur penduduk Jawa Tengah kuwe piramida kewalik. Tegese, pendhudhuk sing umure sangisore 40 tahun lewih akeh. Kanggone Jateng dominan, ngosi lewih sekang 50 persen. Indikasi akehe pendhudhuk nom-noman nang Jateng yakue dhuwure angka pendhudhuk sing nyambut gawe nang sektor industri dadi buruh pabrik, urip nang kota dadi urban, dadi jongos restoran utawa mal, lan wis mangan sekolahan (berpendidikan).
“Pendhudhuk Jateng siki wis ora padha manggon nang ndesa, lewih akeh urip nang kota-kota gedhe lan pinggirane. Umume lunga sekang ndesa nyambut gawe nggolet dhuit”, preslahe Reni. (Kayane klebu awake dhewek ya lur?)
Mulane wektu cagub Ganjar kampanye janji mbukak lapangan kerja, pendidikan murah, lan perumahan, jan jos  cocog pisan tumrape bocah nom-noman.

Ganjar sing dhasare egin enom, energik, dadi faktor liyane sing nentokaken. Ganjar dipersepsi makili aspirasi nom-noman. Sawetara incumbent lan kandidhat liyane dipersepsi sekang kalangan tua.
Ganjar wong egin enom lewih dhinamis, ewondene Heru kuwe wong tua sing nggambaraken watek kalem, ora plata-ploto, ningen arif.
Senajan kaya kuwe, Reni preslah yen golput nang pilgub Jateng kayane dhuwur. Di pethek merga faktor akehe pemilih nom-noman sing apatis maring babagan politik.
“Nang ilmu politik, pemilih nom-noman umume apatis. Ningen kuwe toli nembe kasil survei. Proses ngetung kasil swara resmi urung rampung. Detunggu baen” kaya kuwe sambunge.

Kanggone warga Ngapak sing kebeneran dadi basis swara pasangan GAGAH miturut dapile (daerah pemilihan), menange pasangan Pak Uban GAGAH dadi pengarep-arep, kapingarepe bisaa mbukak kesempatan urip sing sejahtera, ayem, tentrem lan kudu lewih maen.

Slamet ya bapake…!

Doc. byKang Wirya