![]() |
| Penulis beserta istri |
Wektu jaman semana dinane Minggu
kira-kira 3 tahun kepungkur tanggale kelalen, wayah esuk inyong ngambi Surti
olah raga mlaku-mlaku nang lapangan OR. Sikil wis teklok krasa lempogen, kringet
gemrobyos, telake garing ngelak banget, inyong mbanjut minggir ngambi
clingak-clinguk nggoleti bengkel weteng (maksude jajanan) sing nang pinggir
gili (dalan). Pendeleng inyong temuju maring
pinggir lapangan. Ndheret-ndheret bakul sawernaning panganan ana. Tek mat-matna kang
kadohan mbaka siji… ana sing payu biasa, ana sing laris banget nganti antri,
ana uga sing melasi dagangane sepi langka sing tuku.





