Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Jumat, 10 Mei 2013

MEDIA PAMER NGGO SRANA NGLARISAKEN DAGANGAN


Kewirausahaan*

Wong dol-tinuku ana sarat sing wajib dicumponi yakuwe: kudu ana bakule, ana wong sing garep tuku, wujud barang sing didagangaken, ijab-qobul (perjanjen), dhuwit lan kepriwe carane mbayar.
Wajib hukume kanggone bakul sing garep dodolan nidhokena wujude barang sing garep diedol, paling semendhing nidhokaken contone. Kuwe angger sing diedol rupa barang, angger mung tenaga utawa tinemu toli ora katon, mulane kudu disebutaken jasa apa lan carane naker (ngukur) keprigen. Angger wong garep dodolan ora bisa nidhokaken wujude barang utawa jasa sing garep didol arane dholim. Dadi dol-tinuku kuwe kudu blakasuta, ora kena nglomboni mbok mbesuk matine dilebokaken neraka weeell….!
Sing garep tek rembug kiye dudu babagan sapa sing garep tuku, ijab qobul, utawa kepriwe carane nduwiti barang, ningen babagan Media Pamer nggo srana nglarisaken dodolan.
Media Pamer bisa wujud etalase toko, stand pasar modern, lapak pasar tradisional, grobag kaki lima, ubluk glindingan telu, montor kanvas, brosur, leaflet, iklan mass media utawa internet, booth  lan gelaran expo nang iven khusus.
Ora bakal ana dagangan payu angger ora cocog regane, ora dijamin kwalitas, kuantitas lan mili-mintire (kontinuitas) barang dagangan.  Angger sarat dasar mau ora dicukupi, sing garep tuku ya aras-arasen mendhing nggolet barang liyane, wong sing garep tuku toli ibarate ratu dadi kudu dilayani.


Nggo pengerten sedulur kabeh, pirang dina sing wis keliwat inyong bubar nonton pameran PKBL-BUMN EXPO 2013 tanggal 10 nganti 14-4-2013 genohe nang Graha Manggala Siliwangi Bandung. Koordinatore CDC Telkom, di ombyongi Dewan Kerajinan Nasional Daerah (DEKRANASDA) Jawa Barat, PT BRI, PT Pos Indonesia, PTPN VIII, lan liya-liyane. Sing melu pameran 62 Pengusaha Mikro Kecil Mitra Binaan PKBL-BUMN sa-Jawa Barat  karo pengusaha wewengkon tanah Jawa.



Gendhu-gendhu rasa karo sedulur mitra binaan kaya dene nggayu Dini Gantini sing duwe gallery “Pernik I’ona” alamate nang Perum Permata Biru Blok AD Baru No.14 RT 02  RW 24, Tlp. 022-4211423 Cibiru, ngomong:”Anane Expo jan-jane mbantu banget karo pengusaha mikro cilik kaya inyong dadi olih fasilitas papan pamer gratis nggo mameraken dagangan”.
“Nggayu..sampeyan koh dadi dodolan bothekan pating mbretitil kaya kiye asale sekang ngendi baen?”
Mbekayu Dini sing duwe hobby ngumpulna handycraft sekang ngendi-paran wiwit jaman egin prawan kuwe duwe alesan merga kepengaruh obsesine kepengin ngenalaken kerajinan-tangan Nusantara molaih sekang pontong kulon Nangro Aceh Darussalam tekan pontong wetan Papua.
Bothekan kiye kejabane artistik lan unik duwe ciri-wanci daerah asale. Kejaba kaya kuwe bisa mbantu pengrajin nduweni kepesthen pasar lan bisa lewih kewentar. Sekiye nembe teyeng ngumpulaken bothekan sekang pitung propinsi wewengkon Jawa lan Bali.  Senajan kaya kuwe nggayu Dini terus nggolet wawuhan pengrajin kang daerah liya se-Nusantara.
Angger dimat-mataken cara tawa dodolane egin konvensional nganggo etalase toko lan ketemu arep-arepan langsung ngambi wong sing garep tuku barang dagangane, urung nganggo internet.
Ngenani modal dagang, BUMN Pembina urung bisa aweh bantuan pengampingan sing ajeg. Bank sing digadhang-gadhang bisa aweh keringanan utangan modal kayane egin mandheg-mayong ora patiya serius. Bisa dititeni saben garep utang modal hurung apa-apa wis ditakoni boregh, laporan pengelolaan duwit lan perizinan sekang pemrentah. Umpamane utangan disetujoni, metune dhuwit ora imbang karo barang sing didadekaken boregh.

Sejen maning Kang Ahmad Taruna “Renny Ceramic” sing alamat bingkile nang Jojoran Wetan, Triwidadi, Bantul Yogyakarta, olih undangan dekon melu pameran sekang ada-adane PT Pos Indonesia dadi wakil Pengrajin Bantul. Barang dagangan sing dipelokena pameran wujude grabah sing wis ditempeli mozaik batik, godhong garing (klaras), kulit kerang, bathok klapa lan liya-liyane. Ahmad nembe njajal promosi nggunakaken internet, ningen ya durung optimal. Kontak person bisa liwat e-mail renny.ceramic@gmail.com  utawa tlepun 081904064600/ 08157996633.

Kang Ahmad sering melu pameran nang ngendi-ora mergane kasile mandan kanjat. Produksine bisa langsung kawentar lan dheweke bisa nidokaken keunggulan produksine, mangsuli pitakonane wong sing garep tuku (calon pembeli/buyers) lan ngumpulaken orderan. Kanca-kanca pengrajin sering dijeki pameran ndasaraken hasil karyane, sing penting duwe wragad lan wektu.
Miturut Kang Ahmad, Media Pamer kuwe penting nggo nglarisaken dodolan.
Carane pirang-pirang, dasare kemampuane dhewek-dhewek, sing penting tliti goli milih.
Nang bingkile (work shop) gawe etalase pameran ditambah papan reklame sing informatif lan gampang dideleng kang kadohan.
Ngenani modal.., Kang Ahmad lewih seneng berdikari nyelengi sebagian bathine nggo nambah modal. Gemiyen lagi anyaran dodol tau olih utangan Bank pemrentah, ningen perjuangane abot pisan mergane kudu nganani boregh, koneksi, lan proses administrasi sing kepetung ruwet tumrap dheweke.
“Inyong kiye usaha egin anyar, ora ngerti lor-kidul, modal pas-pasan, pasar urung gableg, apamaning sing ararane manajemen babar pisan ora mudheng, kena diparibasakaken bayi abang sing nembe lair kloer urung jegos glawat, teyenge mung nangis, garep obah baen kudu dibantu wong tua. Ningen Bank ora ndeleng tekan ngkono, pedomane angger ngetokena dhuwit semene anakane kudu semene, dadi profit thinking. Inyong dipadhakaken karo pengusaha kuat utawane wong sing biasa olih bantuan bank. Nggo mberesi syarat-syarat baen dhadha kiye rasane pega pisan kaya wong lara mengi. Dadine siki wis ora minat. Kawus sih ora, ningen ora kepengin utang bank. Lewih seneng gotong-royong karo pengrajin liyane, gendheng-ceneng nyumponi modal. Kanca sing orderane akeh dibagi, mengko ana kasile semendhing-mendhing dibagi maning miturut boboting andhil. Nganggo cara kaya kuwe modal alon-alon bisa nambah”.
“Ngenani CSR (TJSL= Tanggung Jawab Sosial Lingkungan Perusahaan) BUMN nggo Pelaku Usaha Mikro Kecil ngarahe lewih mandiri kepriwe?”
“Alhamdulillah, senajan nembe aweh kesempatan wujud promosi bareng-bareng, inyong yaa… matur nuwun banget. Kiye mujudaken sing Kuat nggatekaken sing Ringkih. Moga-moga inyong padha gagean gedhe, ‘ijet-ijet kancil mlakune sing semrinthil, anjat-anjat kidang mlayune sing jemigrang’.  Inyong krungu wis ana BUMN sing nganakaken pendampingan aktif Usaha Mikro Kecil molahi kang permodalan, manajemen, teknis lan pemasaran.  Malah ana sing didadekaken plasma, ningen cacahe urung akeh… egin bisa dietung nganggo jenthik. Sebagian gedhe egin seremonial sekadar ngguguraken kewajiban CSR, salah-salah malah inyong didadekaken pasien dienggo promosi perusahaane”.

Sejrone acara pembukaan Expo, Harmon Yero sing di pacak dadi Koordinator PKBL-BUMN ngarepi puluhan wartawan ngomong yen kegiatan kiye mujudaken Tanggung Jawab Sosial Lingkungan Perusahaan (TJSL) sing ora kena pedhot lan melu ngedhuk potensi Pelaku Usaha Mikro Kecil (UMK) men mandiri, lewih ngrembaka, togtogane bisa nambah lapangan kerja anyar lan ngungggahaken kesejahteraan.


Ana pitakonan ngenani internetisasi Pelaku UMK, Harmon njlentrehaken: “Jaman siki jaman digital, jamane kabeh-kabeh mrelokaken akses informasi, akses komunitas, akses promosi lan interaksi timbal-balik, Telkom nggatekaken yen Pelaku UMK kuwe kudu adaptif maring kebutuhan kiye dadi oranana alesan ngejor malah kudu ngrangkul Pelaku UMK ngarahe melek internet lan nguasani strategi bisnis online”.

Dasar sekang kedadian lan testimony kaya neng nduwur mau bisa dideleng faktane yen Media Pamer nyatane penting banget kanggone Pengusaha gedhe, UKM lan UMK nggo ngembangaken pasar sing mengko mburine bisa mranani kemandirian lan nguataken usaha. Senajan kaya kuwe tetep kudu disinergikaken karo aspek liya-liyane.

Doc. By Tri.
Versi mBanyumasan, naskah asline nganggo basa Indonesia bisa diimpleng nang blog:
paguyuban-linggamas.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar