Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Senin, 20 Mei 2013

HUMOR (Ngapak, Episode-2)


Dhagelan mBanyumasan***

KELOLODEN LOMBOK GENDHOT

Bibi inyong mbaranggawe nyepiti anake mbarep.
Acara prasmanan tamu dekon mangan sing disandhingaken meja. Merga tamune akeh dadi njukut panganan kudu ngantri tur mped-mpedan.
Pas giliran Eyang Kakung, teka rombongan tamu penggedhe, mulane gugup gagean ngeruk sega lan lawuh lodheh lombok gendhot sing katon seger mengini.
Tengah wektu daharan, sekang kadohan keton Eyang Kakung nangis, banyu luhe dleweran nang pipi ngiwe-nengen, mripate abang mangar-mangar, kringete keton byuk-byukan metu sebotor-botor molahi sekang mbathuk tekan pucuk irung, karo tutuke mangap-mangap kaya iwak grameh kesaten mbanyu. Tangan tengene ngawe-awe inyong ngambi nudhuhaken gulune.
Inyong panik mbok Eyange kenang ngapa…?, mulane gagean ngoyok mareki.
Ora nganggo ewuh-pakewuh, pundhake tek ranggeh dedongsokaken pangkon, cengele didhodhog rosa pisan.  “Glogook” tutuke mancrotaken sega karo lodeh, njutan megap-megap nyedot ambekan.
Bareng wis mandan asoh tek takoni: “Kenang apa Eyange koh dadi mecicil-mendelik kaya wong garep sekarat?”.
Eyange mbari egin cengap-cengap mangsuli:“Tobaattt ora ilok…, badhogan apa jane…? pedhese koh sementlep temen ora nana padhane, inyong miki kewlekiken….! angger ora gagean detulungi kowe mestine wis dadi jenat”.
Inyong semaur kalem: “Eyange.., kuwe sing diarani lombok gendhot khas Bandung, wujude buntek menos-menos mengini, ning pedhese ngedab-edabi ora nana sing nglawan…! urung kenal aja wani-wani..!”.
Eyange: “Penjorangan, wong padha ngreti koh cocote oranana sing menging..!”.
Sing tembe mudheng ana kedadian mau njut pating cekikik ora leren-leren.

(Doc. by Kang Wirya)

*****

KOPI RASA GELI

Kang Suta ndatuk banget gole ngopi. Esuk sore mesti kudu disediani kopi nang bojone. Angger esuk ora degawekna kopi, raine mesthi njuplem, ora ngerti nek kopine agi entong. Pokoke aluwung ora sarapan tenimbang ora ngopi.
Esuk kuwe bojone agi gisus nang pedangan, olah-olah nggo sarapan. Kopi nggo kang Suta wis desedhiakna. Egin kebul-kebul kang Suta nyruput semendhing…. sluurpp…. jan seger pisan.
Pancen ora kaya bojoku angger gawe kopi nyamleng temenan, kang Suta mbatin.

Kang Suta garep adus dhisit. Kopi gari separo diengah nggo mengko bubar adus.
Sewise adus awake krasa seger, kang Suta mbaleni kopine maning.
Bubar adus awake mandan kadhemen, “kopine kayane egin anget tek srupute maning, nggo tamba adhem…”, kang Suta mbatin…
Temenan…, Kang Suta nyruput kopine nganti entong mumpung egin manget-manget. Jiaan katone nyamleng pisan. 
Ning bareng wis entong, kang Suta krasa ana uthak-uthik nang gulu.
Krasa geli-geli banget nang gulu, cangkeme mangap ngambi mlorodi gulu.
Kang Suta kaget sangkete, ana cecek mlumpat sekang cangkeme.
Lho, jebule ana cecek kecemplung kopi kegawa gutul nggulu.
Kang Suta kepreh-keprehan karo hoak-hoek.. mutah-mutah.
Bojone sing agi nang pawon marani karo takon: “Ana apa Kang, deneng mutah-mutah..? ‘lha apa kopine wis apek ora enak?’’
“Enak si enak…. saking enake ana cecek sing kepengin melu nyruput, dadi kecemplung gelas kopi….!”.
Bojone gemuyu ngekrek karo melas: “Kuwe jenenge kopi rasa geli ya Kang..?”
Sedina kuwe Kang Suta theleg-theleg gigu, ora mangan ora nginum, ketonen nang gulune egin ana ceceke klepak-klepek.

(Doc. by Bubar)

*****

PADHA BAEN

Ali, Imron, lan Abu umure nembe 6 taun.
Bocah telu kuwe padha melu bapane maring mesjid.
Bareng qomat, kabeh padha ngadeg garep sholat.
Ali, imron karo Abu ya garep melu.
Sedurunge sholat bapane Ali ngomongi; “Kowe bocah 3.., padha melu sholat ora kena ngomong ya… kudu ngrungokna Imam, ora kena glewehan..!”  bocah 3 padha manthuk bareng.
Pas imam agi maca Al Fatihah, ana tikus njranthal nang ngarepe bocah telu kuwe.
Ali aruh-aruh..: ”Eh.. ana tikus kae…..ana tikus…..”  Imron nyenggol Ali : “Ssst…, agi sholat ora kena ngomong….”
Abu sing nang jejere Ali  ngomong : “Iya Li, agi sholat toli ora kena ngomong, kiye kaya inyong ora ngomong……!”.
Lha…….?

(Doc. by Bubar)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar