Sastra, Cerkak mBanyumasan***
Sore kuwe langit mendhung. Esih
jam 3-an ningen ketone wis
peteng ndhedhet kaya wis garep jam 6 sore. Karmin ngambi Sinah padha jagongan
nang mbale. Anake telu Suti, Kardi
ngambi Tiwi. Nang mbale,
Suti sinau wong wis garep ujian SMP. Adhine, Kardi kelas 4 SD agi
glewehan ngambi si bontot
Tiwi sing umure mbene 3 taun.
Ora let suwe udan angin gemebret banget ngambi
bledheg pating jleger nyander-nyander.
Karmin gagean maring mburi niliki kandhang wedhuse, mbok ana seng sing
nglingkab, melas mbok wedhuse
kudanen.
Sinah mereki anake sing cilik terus dipangku. Suti ngambi Kardi mereki biyunge, mergane padha wedi udan
angin ngambi bledheg
sing ora mandheg-mandheg. Suwe-suwe Tiwi turu nang pangkone biyunge. Sinah
terus menyat garep ngeblugna Tiwi nang senthong. Sewise kuwe Sinah maring
pawon garep olah-olah nggo nyore.
Adzan ngisa keprungu sekang
mesjid desa. Udane esih riwis-riwis. Karmin meng sumur wudhu, njutan mangkat maring mesjid. Sinah
sembayang nang umah mergane
Tiwi wis turu, melas angger ditinggal.
Antarane jam 9 mbengi bocahan wis padha turu
kabeh. Karmin ngambi Sinah jagongan nang mbale. “Kang Karmin”, Sinah mbukak
omongan. “Kiye si Suti wis kelas 3 SMP, jere kepengin nerusena maring SMK. Kepriwe
kang, apa kira-kira dhewek teyeng mragadi?”. Karmin meneng bae. “Kepriwe kang,
dijek rembugan koh meneng bae”, Sinah ngomong maning. “Inyong krungu omonganmu,
Nah. Tapi inyong ya bingung, koh,
mbok ngerti dhewek…,
pegaweyanku srabutan ora kena dijagakna. Padahal angger sekolah SMK biayane gedhe”.
Wong loro banjur padha meneng.
Mung ana swara jangkrik sing keprungu mecah sepine wengi. Karmin ngambi Sinah
padha mikir dhewek-dhewek. “Kang, inyong tek ngomong ya. Kepriwe angger inyong lunga maring Jakarta dadi babu, mbok teyeng nggo nyekolahna
Suti. Inyong melas Suti angger ora sekolah. Jere Suti kepengin maring SMK,
mengko angger wis lulus mbok jere sapa
teyeng
kerja nggo mbantu adhi-adhine”.
Karmin urung semaur, ketone abot banget goli garep ngucap.
Karmin krasa nlangsa banget,
ingatase bocah kepengin sekolah SMK bae koh dheweke ora teyeng nyembadani. Rumangsa dheweke
pancen wong bodho, lulus SD baen bijine pas-pasan.
Sinah mendhing, teyeng sekolah gutul SMP.
Apa enggane anake ya garep padha ngambi rama-biyunge sing ora teyeng sekolah
dhuwur? Urip nang ndesa bae trima dadi buruh tani? Mangkane anak-anake rupane
ayu-ayu kaya biyunge. Kulite bersih-bersih, irunge ya mbangir. Enggane bocah
ayu-ayu kon trima matun? Mangkane sekolahe padha pinter-pinter, bijine mesthi
apik terus.
“Olih apa ora kang, inyong
ngewula maring Jakarta?”, Sinah mbaleni takon. “Mengko si Tiwi kon ngambi
ninine, bocahe manut ikih”. Sewise mikir suwe, kanthi swara abot Karmin
ngomong, “Ya wis nganah ko ngodhe maring Jakarta. Inyong trima nang ndesa ngambi
bocahan, ngingu wedhus ngambi
buruh nang sawah.”
“Rika rila temenan kang?”, Sinah
nggenahna.
“Iya, tek rilani Nah…, dhemi bocah-bocah. Inyong
rumangsa dadi wong lanang koh ora teyeng nyenengna anak bojo.”
“Aja ngomong kaya kuwe, kang. Wis
dadi takdire dhewek urip kaya kiye. Sing penting dhewek terus nyuwun maring
Gusti Alloh kon diparingi dalan sing kepenak. Kabeh lakon wis diatur”, Sinah
nutup rembug nang wengi kuwe.
Wis nem wulan suwene Sinah nang Jakarta. Kodhene saben wulan
dekirimna kon dicelengi
nang Karmin nggo agan wragad mlebu
sekolah Suti meng SMK. Suti wis ujian
SMP, bareng pengumuman Suti krasa bungah banget, bijine
apik. Suti terus SMS maring biyunge, lamona dheweke lulus lan garep ndaftar SMK.
Maca SMS-se Suti, Sinah bungah banget ngambi nlangsa mergane ora teyeng nunggoni
anake. “Ya..
kowe ndaftar ngambi
bapane. Mamak ora teyeng njujugna. Mamak ndonga kang Jakarta”, kaya kuwe SMS-se Sinah maring Suti.
Dina pendaftaran SMK, Suti diboncengna bapane. Gutul
SMK wis akeh bocah sing padha ndaftar. Suti melu mped-mpedan njimot formulir pendaftaran. Bareng wis olih
lan ngisi data kumplit, Suti mereki bapane.
“Pak, inyong wis rampung goli ndaftar, mayuh padha bali”.
Bapane semaur, “Ya mayuh.
Moga-moga ko detampa ya”, ujare bapane. “Ya pa, ayuh gelis inyong sedhek
kepengin bali”.
Wong loro boncengan metu kang
plataran SMK. Bareng nang
nggili gedhe ora ngerti
sangkan paraning bilahi, ujug-ujug ana
bus laju banter banget. Karmin kaget, pite ngleob terus rubuh meng tengah nggili. Disusul swara bresss.. mbanjut wong-wong nang ngarep SMK pating njlerit.
Karmin ngambi Suti wis ora
kemutan apa-apa maning.
Dina
kuwe Sinah nang Jakarta awake krasa
lemes banget, nyambut gawe kayong awang-awangen.
Mau mbengi bar ngimpi aneh, Karmin dadi penganten
maning. Anake, Suti nang jejere ketone seneng banget bapane dadi penganten. Suti
ngguyu-ngguyu baen.
Wong sing nyumbang nang umahe ndlidir akeh
banget.
Lagi ngalamun,
Sinah
kaget krungu telpun moni.
Jebul sekang adhine sing nang
ndesa. “Yu, siki rika bali. Kiye Suti mriyang”, kaya kuwe thok omonge adhine
nang telpun. Sinah gagean pamit maring majikane, garep bali niliki anake.
Sedawane nang ndalan Sinah kaya bocah linglung. Atine ora karu-karuan. Getug terminal Purwakerta awan,
adhine wis nunggoni nang ngarep terminal.
“Kepriwe Suti, Man…, mriyang apa?”
Adhine semaur, “Sabar dhimin nggayu, mayuh bali dhisit, mengko rika
ngerti dhewek”.
Tekan latar Sinah atine trataban, deneng akeh
wong nang umahe,
ngambi ana bendera putih
detancebna nang lawangan.
Ora sranta Sinah mlayu mlebu
ngumah.
Sinah kaget sangkete, paribasane disamber nggelap.
Bareng weruh nang bale ana jisim
loro jejeran detutupi jarit.
Alam ndunya
dadi peteng ndhedhet lelimengan.
Sinah ora ngreti lor-kidul, semaput…..
Doc. by Bubar,
selaras Kang Wirya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar