Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Jumat, 10 Mei 2013

CELENG BOYONG


Fenomena***


Sing garep dicritakaken babagan celeng boyong nang Slatri.
Slatri, kuwe sawijining panggonan sing genohe nang kecamatan Karangkobar mlebu tlatah Kabupaten Banjarnegara sisih lor. Gili aspal sing nyambungaken Kota Banjarnegara liwat Banjarmangu gutul Kecamatan Karangkobar liwat ngeneh kepetung egin duweke pemrentah propinsi. Angger diterusena ngalor maning notog pretelon Bale Desa Wanayasa, mengulon maring Kalibening jog Pekalongan, ngetan ngliwati Kecamatan Batur jog tekan Dieng.
Giline wis diaspal tur klimis pisan. Seumpamane kepengin ngeneh kudu numpak ubluk, montor roda papat, angkutan perdesaan utawane truk sayur lan kewan. Aja mbrangkang, mlaku, utawa mlayu…, sikile teklok.. ora getug…!  Angkutan perdesaan rit-ritane digilir lan diwatesi, dadi jam mangkate ora saben wektu, angger wis langka paling-paling nunut numpak truk mped-mpedan karo wedhus utawa nylesep neng tumpukan kranjang sayuran.


Ilustrasi
Sesawangan tepis wiring gili molahi sekang Banjarmangu tekan Kalibening utawane Dieng katon semanger; ana gunung sing biru slimutan pedhut, perenge ijo royo-royo, kaline mengkal-mengkol kaya ula nglangi, asri tur mbetahi. Kahanan giline manjat-medhun neteg banget, dela-dela menggok ngetutaken gigir gunung utawane pereng sing diliwati. Mulane angger liwat ngeneh kudu ngati-ati lan waspada, wong ijig-ijig cokan papagan karo ubluk utawa truk, dadi angger ndlenger bisa gedandapan. Gunung sakubenge Slatri meh dadi alas pinus kabeh, perenge rungkud alas tutupan. Nang ngkene udan bebasane meh oranana mandhege, hawane adhem tur silir-silir seger. Mulane cocog pisan dadi habitat (papan) kewan alas kayadene macan jawa, kethek, kucing alas, celeng, luak, manuk, ula, kadhal, menyawak lan rupa-rupa bangsane walang. Umume kahanan lemahe miring pating jumpampleng mulane ora teles digenohi umah lan tanggan umah pada doh-dohan.

Kedadian ana celeng ngiring kuwe kira-kira tengah tahun 1981 wulane inyong wis kelalen, dinane Ahad wayah sandhekala.

Meh saben rong minggu sepisan inyong bolak-balik Sokaraja – Wanayasa njujugena bojo inyong sing ngodhene neng Wanayasa Banjarnegara. Mergane ngesuk ana tugas nambani wong sing pada mriang mules-mencret-lodong nang salah sijine ndesa kluthuk sing adoh kang kota kecamatan, mulane sore kuwe kemudu-kudu wis guthul umah dhines prelune bisa nata bedhama karo tambane (obat-obatan) sisan ngarahe ngesuk wis ayem gari mangkat.

Dina kuwe nang Sokaraja udan ngeyes ora mandheg-mandheg tur sedulur lan kanca-kancane bojo inyong padha teka ngumah, mulane mangkate dadi mandan randhat.

Upamane nganggo angkutan umum wis ora teles, kesoren.., supire wis padha laut, sidane nganggo ubluk. Playune ubluk kudu alon-alon wong mesine uwis tua, gawane mendot pating kethantil, utawane giline lunyu, mulane ora kena nubras-nubras…, mbilaeni.!

Klampok wis keliwatan, mbanjut mBawang, wadhuk Mrica (Siki aranane waduk Jenderal Soedirman) terus nuju Wanadadi (desa klairane Ebiet G. Ade). Tekan ngeneh giline egin lenceng tur rata. Ningen bareng ngliwati antarane mBanjarmangu tekan Pawedhen, giline menggak-menggok tur manjat neteg, marakaken mesin ubluke panas sementlep, detambah-tambah mambu olie gosong.

Mbokan sedulur kepengin ngreti tek tidhoki, yen Pawedhen kuwe panggonan plesir padusan. Banyune bening, hawane adem seger, alas sekubenge egin rungkud, tur ana kewan-kewane.

Inyong mandheg ngasoh dhimin ngadhemaken mesin ngambi nglemesaken beyekan sing krasa bengkek.

Sedawane ngasoh, gendhu-gendu rasa karo mbekayu Sartinem sing umahe ditunuti nggo ngaub. Inyong padha disandhingi jagung godhog jere goli panen ngkebon mburi, lewihan ditebasaken. Mbekayu Sartinem menging inyong: “aja deterusna manjat, aluwung padha nginep ngkene baen wong wis peteng, udane gemrejeg, bledhege nyander-nyander…, mbok ana apa-apa nang tengah ngili ora nana sing nulungi”. Tek pikir-pikir pancen bener, angger nganggo montor roda papat lha mesthine ora masalah.

Merga kemutan tugas ngesuk utawane sing padha mriang mbok oranana sing nambani, bojo inyong aweh kodhe kudu tetep manjat.

Bareng mesin ubluk wis mandan adem, inyong njaluk pamit.  Ngambi salaman, mbekayu Sartinem komat-kamit nganggo basa mBarjarnegaran ndongakaken inyong padha ngarahe slamet ora nana alangan tekan ngenggon. Sejroning ati inyong ngrasa kesuwun banget maring Gusti Alloh sing Maha Kwasa, gedhene jaman wayahmene egin ana wong preduli maring liyan kanthi ikhlas. Mulane ya inyong gagean ngamini.

Inyong mangkat maning.

Manjat, mudhun, menggok maning, manjat maning, mudhun, menggok.., kaya kuwe seteruse ngambi njaga playu lan kaseimbangane ubluk ngarahe ora mlarak terus njegur jurang.

Mlebu wengkon Slatri wis wayah mahgrib, senajan udane nyiliki ningen swasanane peteng, padhange mung sekang lampu ubluk lan pisankala cloroting lep-lep.


Ilustrasi
Gili tambah munggah ndeder.
Mbang kiwe pereng gunung pinggire kalen sing ana banyune ndledek banter banget. Mbang tengen alas Pinus, ngisore maning jurang wit-witane rungkud getug ngkali, desawang sekang nduwur peteng dhehet lelimengan.

Lagi kepenak-penake nyetir ubluk…, ijig-ijig ana swara kemrosak kaya klari digered nang kebon… Nang pereng sisih nduwur uga ana swara pating gruiiiiik saur manuk desusul “gedebuug” kaya karung beras dibalangaken meng tengah nggili. Barang sing tiba gedhene segudel, rupane ireng kethewek.

Ndadak sontak inyong ngerim, sorot lampu ubluk tek tujokaken meng barang sing miki nembe kanteb mbok kringkel, dohe kira-kira 15 meter sekang nggon inyong mandheg. Semelang gumun, apa sing nembe kanteb..? apa watu ngglundhung kenang udan..?

Mbareng dimat-mataken jebul celeng ireng.

Ngreti ana menungsa utawane swara mesin ubluk deserokaken, celeng kuwe gagean menyat ora ngambi tingak-tinguk plencing mlayu sipat kuping mlebu ngalas pinus mbanjut mlumpat meng rungkudan.

Tembe baen krasa lega sawise celeng mau lunga, eee.. ana maning celeng ngiring gemrudug pada tiba kedhongsok-dhongsok, mbanjut pada menyat dhewek baris urut kacang siji-siji kaya deprentah.  Gedhe, cilik, sedheng, gedhe maning, cilik, sedheng maning lan seteruse kaya diatur nang komandane. Sing mau tiba kanteb dhisit dhewek kae kayane cucuk lampah (cara pengantene) sing dipurbawasesani mbukak gili. Tengere awake seseg tur gadile wis metu loro senajan urung patiya dawa.

Ora ganti suwe inyong kaget sangkete nganti kamitenggengen, mergane nang sisih kiwe nggili rembuis ana celeng gedhene sekebo lanang ngadeg, matane mencenger ngawasi kahanan sekubenge klebu inyong. Dedeg piadege pideksa, wibawa, mata mentheleng, wibawa, gadhile papat mlengkung dawane antara 20 tekan 30 cm kaya gadhing gajah. Suri nang gigire ngadeg wiwit sekang pundak tekan beyekane.

Kayong lagi aweh prentah maring rombongane supayane padha gagean mlayu. Embuh… gari inyong ora mudheng wong nganggo bahasa celeng, krungune ya mung senggrak-senggruk thok.

Swara mesin tek alonaken, lampu sorote nganggo sing cilik lan madhepe ubluk tut semendhing tek owahi nggo ancang-ancang mlayu nggolet keslametan, wong mbok ijig-ijig pikirane celeng owah mbanjut nyenggruk inyong.

Bojo inyong ngedhem-dhemi, goli obah alon-alon bapane karo maca surat Al-Alaq.

Wektu kuwe sing kepikir mung keprigen caranya mlayu nggolet keslametan. Inyong kemutan nang begasi ngarep ana olie sa jrigen cilik. Tek jimot banjur di-athur-athuraken sakubenge ubluk, nang pikiran inyong angger kewan kiye ngambu olie toli ora betah terus minggat. Temenan, celeng lanang kuwe keton gelisah ora anteng ngrasa keganggu, sedhela-sedhela congore dungas-dungis ngambu-ambu ganda olie wutah.

Disusul maning winihe sing awake bongsor gedhene sa babon kebo mung ora gableg gadhil, ngungkluk nggawa rombongan genjik, desusul maning mburine rombongan celeng tanggung.

Angger genjik sing cilik-cilik mlakune culat-culit jentritan karo slempetan, nang babone langsung disurung kon mlebu mbarisan. Saben rombongan cacahe antara 15 nganti 20, neng ngkono ana babon, dhere lan genjik.

Bojo inyong ngetung sejrone 25 menit, celeng sing liwat cacahe wis 40 rombongan konvoi mbanyu mili ora pedhot-pedhot. Senajan wis akeh sing liwat, komandhane egin dhigreng ngambi nggatekaken lakune rombongan.

Ana maning rombongan celeng lanang sing wis metu gadhile antara loro utawa papat, kehe 25 celeng, mlakune kompak lan rapi pisan.

Wektu wis ngentongaken 30 menit, ewondene urung ana tandha iring-iringane rampung, egin ana maning kehe 10 celeng sing mlakune kethingklang-kethingklung dengklangan, sewetara ana sing mlakune temungkul baen kaya lara gulu ditutena babon sing gedhene sa kebo. Kayane rombongan kiye isine celeng mriang utawa kapilaraen deprewasa. Seteruse bayi abang cilik-cilik pisan cacahe 60 genjik, mlakune alon banget dikawal babon telu lemu ginak-ginuk.

Ngancik 40 menit, celeng komandane ndungis karo ngguik dawa pisan. Inyong trataban kewatir mbokan amleng-amleng nyenggruk. Ningen koh egin neng enggone, mung guli guak-guike tambah kerep. Ora nyanaha tongol liwat maning rombongan kehe 12 celeng sing gedhene se kebo lanang.  Gadhile wis dawa-dawa ningen wulu surine hurung dawa. Antarane ana sing pundhak lan gigire dleweran getih kaya bubar tarung utawa dicokot kewan galak sejen.

Mbareng rombongan sing padha tatu wis liwat kabeh, ijig-ijig komandane mlumpat nyebrang dalan terus mlebu alas pinus.

Ndadak sontak mesin ubluk tek gas lan swarane tek serokaken, lampu gedhe tek sorotaken meng dalan sing garep nggo liwat. Aku ngomong meng bojo inyong ngarahe cekelan sing kenceng siap-siap garep ngebut.
Mbareng giline wis tek anggep aman, inyong mbanjuraken laku.

Sejrone mlaku inyong karo ngudarasa.

Kiye kuasane Gusti Alloh sing Maha Pemurah…… inyong slamet sekang senggrukan celeng karo maning diweruhi fenomena alam sing ora niba nalar; gedhene celeng mung ngugemi naluri thok teyeng koordinasi ngrukunaken masyarakate kanthi rasa tresna, eman, lan tanggungjawab, ngeridaken wargane boyongan meng wewengkon sing njanjekaken penguripane.

Komunitas sing cacahe atusan kiye kayane boyongan sekang tlatah Kalibening utawa gunung Rogojembangan lan sekubenge, kayane ana owah-owahan kahanan alam, lumbung panganane wis entong, utawa habitate keganggu.

Gawean kaya kiye mesthine nganggo survey ala celeng dhimin. Mbareng swasana utawa kasil analisane celeng wis dianggep cukup mbanjur wargane dikeridaken boyongan. Walahu’alam bisowab.

Sing lewih nggumunaken maning kuwe keprigen carane celeng goli mbagi-mbagi klompoke men ora padha okol utawa kerah ningen wargane kabeh bisa mangan wareg nang wilayah anyar.

Nyatane nganti tekan seprene hurung krungu kabar dherik utawa sawah nang Kapupaten Banjarnegara lan sakubenge sing nganti puso detedhak celeng ngiring, mangkane cacahe atusan bebasan nganti angel gole ngetung.

Mesthine angger nedhak bareng sawengi baen pirang-pirang hektar tanduran pertanian bakal ludhes. Embuh ngesuk ngemben.

Kiye bukti yen celeng angger nggolet pangan mung saprelune weteng, beda banget karo menungsa sing nganggo aji mumpung, ana sepira baen, perlu ora perlu, malahan halal ora halal sebisa- bisa dekeruk kabeh degawa mengumah.

Dadi ujare celeng; manajemen bangsa celeng kuwe egin lewih maen tenimbang manajemen bangsa menungsa…, ndean..!.

Doc. By Bio

Warta sing ana gandheng cenenge babagan celeng bisa de longok nang blog ngisor :



Tidak ada komentar:

Posting Komentar