Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Jumat, 10 Mei 2013

ANISYAH MEILANI JUARA LOMBA PENCAK SILAT TINGKAT KABUPATEN PURBALINGGA 2 TAHUN DHUR


Profil, Prestasi
Anisyah Meilani umure nembe ngancik 11 taun. Anis, kaya kuwe undang-undangane pakulitane ireng manis, meneng tur srengate kalem. Sekolahe nang SD Negeri Sumilir, Kec. Kemangkon, Kab. Purbalingga. Umahe ya cedhek karo sekolahane.
Senajan Anis bocah ndesa ning wis teyeng gawe marem keluarga lan sekolahane.
Bocah siji kiye winginane tanggal 9 April 2012 dadi Dhutane Kabupaten Purbalingga melu maju Lomba Pencak Silat Putri Tingkat SD sa Propinsi Jawa Tengah. Anis mangkat maring Semarang didhampingi Kepala Sekolah, guru-guru lan pelatihe.
Dheweke bisa dijukut dadi wakil mergane Juara I Pencak Silat Putri Tingkat SD sa Kabupaten Purbalingga Tahun 2012, karo maning lagi taun 2011 Anis ya Juara I Tingkat Kabupaten Purbalingga, dadi 2 tahun dhur.

Miturut pelatihe, mas Trisno karo mas Aan, Anis klebu bocah lantip, angger de warahi mesthi nggatekna banget lan rajin latihan, mulane gelis teyeng. Angger mas Trisno utawa mas Aan urung rawuh, Anis latihan dhewek. Miturut preslahe biyunge, bu Mujirah, angger nang umah ya gunane gedebag-gedebug latihan dhewek. Lagi urung ngerti, biyunge sok nylathoni Anis, wong bocah wadon ko nang umah gawene mung gedebag-gedebug jumpalitan nang ngarep TV. Ning basa biyunge ngreti Anis agi latihan pencak silat, biyunge melu nyurung bakat anake.

Ning eman banget, nang tingkat Propinsi Anis urung bisa dadi juara. Lagi babak penyisihan Anis bisa maju maring babak semifinal. Nang babak semifinal pancen jan bener-bener bocah sing pilihan temenan. Kabeh pesilate putra utawane putri padha adu kepinterane bela diri tangan kosong, karo pedhang lan karo tongkat. Salah semendhing bae utawa tendhangane kurang mumpuni wis ngurangi biji.
Pas Anis maju nang semifinal, dhisit-dhisite Anis ya main bagus banget. Ning mbuh kepriwe pas agi main nganggo pedhang, ndilalah pedhange ucul mencolot. Anis ndeleng mungsuhe kuwe dadi mandan maras, utawa cara ngkanane kurang “confidence”. Ningen ya ora nana sing maido. Kabeh-kabeh malah melu bangga, ingatase bocah Sumilir ko bisa gutul propinsi, wong maring kota gedhe baen ya nembe kiye, ajaa melu lomba.
Bapake Anis, pak Kisman, ya melu ngetutna maring Semarang, mergane Anis kuwe bocah mabokan. Jere bapake nang ndalan Anis hoak-hoek blekeran baen. Tekan Semarang bocahe pucet mrecet. Bareng wis ngaso sewengi mandan seger. Senajan esih keton pucet ningen egin bisa melu lomba, malah bisa mlebu semifinal.
Mbok menawane tahun ngarep prestasine bisa ningkat.

Kepala Sekolah SD Negeri Sumilir, bu Alfiyah, S.Pd. marem banget ana muride sing bisa duwe prestasi. Pancen Ibu Alfiyah, S.Pd. nggatekna banget maring bakat lan minate para murid. Nang sekolahan, seliyane diwulang pelajaran, ana kegiatan ekstrakurikuler nggo ngembangna bakat lan minat murid yakuwe olah raga, kesenian lan pramuka.
Kanggo bocah-bocah sing kepengin kaya Anis, ayuh mulai siki padha latian manut bakate dhewek-dhewek, aja kakehan nonton TV. Insyaallah, sapa sing temen lan tlaten mesthi bakal panen. Sing kepengin kenal karo Anis ya bisa dolan maring umahe nang Desa Sumilir Rt 03/I, Kemangkon-Purbalingga.
Doc. By Bubar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar