Menu Bar

Giyeeh.. sedulur inyong kabeh.., nangkene toli ngumpule wong Purbalingga, Banyumas lan sakubenge. Mageh ngambi deuri-uri budhayane dhewek..!

Jumat, 10 Mei 2013

HUMOR (Ngapak, Episode-1)


Dhagelan mBanyumasan*
 
Sedulur Linggamas,
Ngarahe pikiran ora putek, cangkem ora mecucu baen.
Rai aja ditekuk….!.
Kae nganah gagean padha raup dimin....
Angger egin bunek..?
Men mandan sumeh, waca tulisan kiye ngisor… !
Ewodene angger wis pirang-pirang usaha... ajeg urung owah, kayane rika kelalen mangan obat ndean....
Gagean dipangan... ningen aja sewadhah dientongena kabeh, mbok gelis mari...! (mari urip mangsud inyong).


PING SEPISAN

Kepribadiane Wong Dideleng Sekang ENTUTE:
1)  Wong ora jujur: ngentut dhewek nyalahna kancane.
2)  Wong medhit: ngentute mung semending.
3)  Wong sombong: ngentute diserokna kon pada krungu kabeh.
4)  Wong ora gaul: nek ngentut senenge umpetan.
5)  Wong plinplan: kancane ngentut melu ngentut.
6)  Wong apes: wong liya sing ngentut, malah dheweke sing diarani.
7)  Wong boros: nek ngentut ora cukup sepisan, mbrubuut terus ora mandheg-mandheg.
8)  Wong eman: nek ngentut dibagi-bagi maring wong liya.
9)  Wong selingkuh: nek ngentut dialon-alonna, kur peess…..!
10) Wong sekti mandraguna: entute ora moni ningen bacine por.
11) Wong nyantheng : nek ngentut matane mendhelik ngambi ngamuk-ngamuk.
12) Wong ora sabaran : wis ngeden seporete, ora ngentut sing metu malah bole
13) Wong kurang kontrol : nek ngentut kegawa ampase.
14) Wong kurang gawean: gelem-geleme maca entut…..
      Aseemmm…. doobol jere……..


PING PINDHO

Mbales Dhendham
Arep maring sawah Rikun pethukan karo Ratno
Rikun: Ngapa kowe esih esuk wis mlaku-mlaku karo kethek kucel?
Ratno: Ooo dasar picek, sing tek tuntun kiye jenenge wedhus dudu kethek!!
Rikun: Lah inyong ora takon rika.. Sing tek takoni pancen wedhuse..
Ratno: Ooo… awas kowe ya!
Bali kang sawah wong loro pethukan maning ujug-ujug Ratno ngentut mak dut.. Rikun pecucuan..
Rikun: Kunyuk dobol.. ngentut sembarangan! *Rikun garep semaput saking bacine.
Ratno: Siki kowe tek takoni, ngentut kuwe apik apa ora?
Rikun: Ya genah ora apik *karo nutupi cungur.
Ratno: Lah mulane tek buwang..
Rikun: Lah upamane apik keprigen?
Ratno: Lah mulane kowe tek wei..
Rikun: *mutah-mutah maning.


PING TELU

Ngumbah Kucing

Rikun tuku deterjen neng warunge Ratno
Ratno: Kun, kadingaren ngkono umbah-umbah dhewek?
Rikun: Inyong garep ngumbah kucing..
Ratno: Ora salah kuwe Kun? *Ratno bingung
Rikun: Iya… kucing inyong akeh tumane..
Ratno: Lah ya bisa modar kucing ngkono Kun..
Rikun: Lah tangga inyong wingi kaya kuwe, kucinge ora papa.. kalem no…
Bar mbayar Rikun bali garep ngumbah kucing.
Ngesuke Rikun tuku rokok neng warunge Ratno
Ratno: Kun kepriwe kucinge ko?
Rikun: Genah modar koh..
Ratno: Lah kuwe.. Tek omongi ora percaya si ko, lah kucing dikumbah ngambi deterjen si nggo ngapa, mbok ana obat tuma!. *sungune Ratno modod..
Rikun: Kucingku modar udu merga deterjene..!!
Ratno: Lah sih kenang ngapa??!!
Rikun: Tek peres..!!!
Hahahahahaha….. wong kenthir digugoni…..

Doc. by Saifi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar