Masrakat
Purbalingga sisih kidul ngambi Banyumas sisih wetan khususe nang wewengkon jembatan
Linggamas nolak anane ingon babi. Reaksi masrakat intents; paribasane ngglindhing tambah
nggedheni kaya bal salju. Penolakan kiye dhasare kesadharan warga merga pencemaran lingkungan akibat limbah kotoran babi ora dikelola mawi cara sing bener.
Seprene suwene warga ngrasa diapusi pengusaha babi lan kroni-kronine ngambi cara
licik.
Minggu, 24 November 2013
Minggu, 22 September 2013
NGUMBAH PANCI GOSONG NGANGGO CUKA
![]() |
| Ilustrasi; Panci gosong |
Sabtu, 21 September 2013
DAMEN DIENGGO NYEREP LIMBAH
![]() |
| Damen dienggo bahan kertas |
Krungu aran damen disebut-sebut inyong kemutan
paribasan Jawa ‘pari-pari, damen-damen,
siki-ya-siki, gemiyen-ya-gemiyen’ nggambaraken wolak-waliking kahanan, malik-grembyang,
wis owah adoh, tegese: kahanan siki wis beda banget ngambi gemiyen. Contone sing
lagi dadi lambe; wong cilik padha gumes-gumes ngrasani anane pejabat
legislatif, eksekutif utawane yudikatif sing omongane ora kena diugemi; dina siki
ngomong “A” bareng dituruti jebulane ngesuk ngomonge “B”. Wong penginyongan akeh
sing padha koleng, garep nurut sing ngendi?. Mulane wong cilik aja
nemen-nemen disalahaken. Kadhangkala temindake cokan sekarep-karep merga
tinemune pancen cupet, bingung, ora gableg pengalaman, tur sing dadi conto ya
ora konsisten.
Sabtu, 31 Agustus 2013
ATUSAN BAJINGAN NGEPUNG CANDI PRAMBANAN
![]() |
| Foto by Terapos |
Lewih sekang 200-an kusir grobag sapi sing katelahe
Bajingan, nganggo klambi
rupa-rupa ditambah embel-embele padha ngubengi wewengkon Candi Prambanan ngambi
grobag sapi sing dihias. Dheweke padha nggunakaken alat transportasi tradisional kuwe seperlu
mahargya ulang tahun
Kamardikan kaping-68 RI.
Bajingan
kumplit
ngambi grobage teka bareng komunitas utawa rombongan sekang Kabupaten Klaten, Boyolali,
Purworejo, Piyungan Bantul, Pakem, Prambanan lan liya-liyane.
Sabtu, 24 Agustus 2013
GANJAR-HERU DILANTIK DADI GUBERNUR LAN WAKIL GUBERNUR JAWA TENGAH PERIODE 2013-2018
![]() |
| Foto Antara |
Gubernur lan
Wakil Gubernur Jateng dilantik Menteri Dalam Negeri Gamawan Fauzi manggon nang
gedong DPRD Provinsi Jateng, Semarang, dina Jemuah, 23-8-2013 disekseni atusan
tamu undangan.
Prosesi pelantikan Gubernur-Wakil GubernurJateng sing dadi
agenda Rapat Paripurna Istimewa DPRD Jateng kelebu lancar, mung mbutuhaken
wektu kurang lewih 25 menit.
Langganan:
Postingan (Atom)





