![]() |
| Ilustrasi; Panci gosong |
Minggu, 22 September 2013
NGUMBAH PANCI GOSONG NGANGGO CUKA
Sabtu, 21 September 2013
DAMEN DIENGGO NYEREP LIMBAH
![]() |
| Damen dienggo bahan kertas |
Krungu aran damen disebut-sebut inyong kemutan
paribasan Jawa ‘pari-pari, damen-damen,
siki-ya-siki, gemiyen-ya-gemiyen’ nggambaraken wolak-waliking kahanan, malik-grembyang,
wis owah adoh, tegese: kahanan siki wis beda banget ngambi gemiyen. Contone sing
lagi dadi lambe; wong cilik padha gumes-gumes ngrasani anane pejabat
legislatif, eksekutif utawane yudikatif sing omongane ora kena diugemi; dina siki
ngomong “A” bareng dituruti jebulane ngesuk ngomonge “B”. Wong penginyongan akeh
sing padha koleng, garep nurut sing ngendi?. Mulane wong cilik aja
nemen-nemen disalahaken. Kadhangkala temindake cokan sekarep-karep merga
tinemune pancen cupet, bingung, ora gableg pengalaman, tur sing dadi conto ya
ora konsisten.
Sabtu, 31 Agustus 2013
ATUSAN BAJINGAN NGEPUNG CANDI PRAMBANAN
![]() |
| Foto by Terapos |
Lewih sekang 200-an kusir grobag sapi sing katelahe
Bajingan, nganggo klambi
rupa-rupa ditambah embel-embele padha ngubengi wewengkon Candi Prambanan ngambi
grobag sapi sing dihias. Dheweke padha nggunakaken alat transportasi tradisional kuwe seperlu
mahargya ulang tahun
Kamardikan kaping-68 RI.
Bajingan
kumplit
ngambi grobage teka bareng komunitas utawa rombongan sekang Kabupaten Klaten, Boyolali,
Purworejo, Piyungan Bantul, Pakem, Prambanan lan liya-liyane.
Sabtu, 24 Agustus 2013
GANJAR-HERU DILANTIK DADI GUBERNUR LAN WAKIL GUBERNUR JAWA TENGAH PERIODE 2013-2018
![]() |
| Foto Antara |
Gubernur lan
Wakil Gubernur Jateng dilantik Menteri Dalam Negeri Gamawan Fauzi manggon nang
gedong DPRD Provinsi Jateng, Semarang, dina Jemuah, 23-8-2013 disekseni atusan
tamu undangan.
Prosesi pelantikan Gubernur-Wakil GubernurJateng sing dadi
agenda Rapat Paripurna Istimewa DPRD Jateng kelebu lancar, mung mbutuhaken
wektu kurang lewih 25 menit.
Minggu, 14 Juli 2013
E-GAMELAN
![]() |
| Demo e-Gamelan |
Maca judul nduwur tumrape sing seneng IT apamaning wong awam, mesthine
nang ati ana pitakonan, malah kayane penasaran.
Jane keprigen kuwe?
Sing dimangsud e-Gamelan utawa Elektronik Gamelan jane swara instrumen
Gamelan sing dikasilaken nganggo srana media elektronik, istilah IT-ne instrumen
digital. Dadi wujud virtualisasi utawa digitalisasi nada-nada Gamelan asli
(analog) wilahan not saben instrumen sing ditransformasi dadi data digital
liwat program komputer.
Langganan:
Postingan (Atom)





